Translate

Wednesday, October 5, 2016

No.93 Jayane manungsa



No.93 Jayane manungsa

Gunggunge neptunr dina lan pasaran nalika lahir
Pernahing panggonan jaya
7
Lor utawa wetan
8
Lor utawa wetan
9
Kidul utawa wetan
10
Kidul utawa wetan
11
Kulo
12
Lor utawa kulon
13
Lor utawa wetan
14
Kidul utawa wetan
15
Kulon
16
Kulon
17
Lor utawa kulon
18
Lor utawa wetan

Katrangan:saupama lahir dina ing kemis wage,neptune dina kemis 8 wage 4,gunggung neptu 12,neotu 12 jayane ana ing pernah lor utawa kulon,dadi upama arep golek pegaweyan,golek pangupajiwa dagang lan samubarang apa bae,parane kudu ngalor utawa ngulon.

No.92 Petung bab pakaryan(panupajiwa) maneh,kang cocog lan dhasare wateking bocah,murih nemu kabegjan miturut dina lan pasarane nalika lahir



No.92 Petung bab pakaryan(panupajiwa) maneh,kang cocog lan dhasare wateking bocah,murih nemu kabegjan miturut dina lan pasarane nalika lahir

Pangetunge mangkene: wetone dina lan pasaran kabanjurake tekan pendhak dina kaping 3,saka dina lahire bocah mau,yaiku mangkene:gunggunge neptu dina lan pasaran kagunggung,kabage 5,turah pira,yen turah 1,wiji wetan ,turah 2,wijih kidul,turah 3 wijih kulon,turah 4 wijih lor,turah 5(ceples utawa entek) wiji tengah,terange mangkene:
Saupama bocah lahire dina Jumuah Pon,
Jumuah Pon,neptune 6+7=
Pendhak dina kapindho saka dina jumuah pon dina
Jumuah kliwon,yaiku neptune 6+8=
Pendhak dina kaping telu saka dina jumuah pon,tiba dina
Jumuah pahing,yaiku neptu 6+9 =
13

14

15
Gunggung neptu dina lan pasaran
42
Neptu 42,banjur kabage 5 turah 2,yaiku wiji kidul
Upama maneh:saupama bocah lahire dina ngahad legi
Ngahad legi neptune 5+5=
Pendhak dina kapindho,tiba dina akad pon,neptu
5+7=
Pendhak dina kaping telu,tiba dina akad kliwon,neptu
5+8=


10

12

13
Gungung neptu dina lan pasaran
Neptu 35 kabage 5 turah 5,(ceples utawa entek),yaiku wiji tengah
35


Mangkono sabanjure.
Dene watake wiji siji-sijine kaya ing ngisor iki:
Yen turah 1,wiji wetan,wijining kapriyayen,watek:1.sinome ingkang rinengga,wiji wetan kang darbeni hyang bathara endra lan putra dyah tara dewi,kuthanya kencanadi,kendraning samodra madu,peksinya atat kembang;ingon-ingoning narpati,kajengira nagapuspa rum kang sekar.2.Sembada warnanya endah,isen-isen tamansar,jalu tanapi wanita,yen wiji wetan kang jalmi,kabegjanira saking,suwita jalaranipun,wetuning sandhang pangan,saking pasihing gusti,kathat kedhik samurwate juga-juga.
Yen turah 2,wiji kidul,wijining sudagar,wateke:1.wiji kidul ginupta,dewanira kang darbeni,nenggih hyang bathara brama,lan atmaja dyah bremani,kithanira tembagi,kinubeng segara marus,manuke rang-urangan,telaten ngupaya bukti,datan wigih angusir mineng jro toya.2.Kayune ingas wataknya,sumuk lamun den aubi,wong wiji kidul sanadyan,lanang wadon kang jalmi,kabegjanira saking,amedagang cari untung,yeku kang dadya kasab,panggayuhing sandhang bukti,ing samurwat-murwat wijiling kabegjan.
Yen turah 3,wiji kulon,wijining kapandhitan,watake:1.Kang wiji kilen kinandha,kithanya slaka respati,kaendran jaladri pohan,ewanira kang darbeni,hyang mahadewa pekik,lan mahadewi sang ningrum peksine kuntul tansah,sabeng patirtan kang sepi,anarima met boga isining tirta.2.Kajenge wijayamulya.awingit sekarnya luwih,tuhu dadya srananing rat,yen wiji kulon kang jalmi,jaler estriya dadi,tetumal pamuwusipun,prasasat toya marta,amartani ing sesami,kabegjane mijil saking pamicara.
Yen turah 4,wiji lor,wijining patanen,watake:1.mangkaya wiji ler winarna,kithanira purasani,kinubeng sagara nila,dewanira kang ngrenggani bathara wisnuwarti,lan garwa dyah sri rum-arum,kayune asem dahat,silir ayem den aubi,oeksinira gagak waskiteng sasmita,2.Nora linyok ing wicara,lan malih awet nom yekti,lamun wiji ler punika,jali tanapi pawestri,kayane ulah bumi,gaga sawah anenandur,pala pendhem kasimpar,saklire kang pala dadi,iku ingkang dadi marganing kabegjan.
Yen turah 5,wiji tengah,wijining paugeran,watake:1.wiji tengah cinarita,kithanya sinilih asih,mas suwasa sinasotya,pratistha kendraning tasik,tirtanya manca warni,dewanira kang amengku,pamugarining dewa,nenggih hyang guru pramesthi,saha garwa parab hyang pramaiswara.2.Peksine ewata mulya,aluhur sabeng wiyati,wreksaya gurdha kamatyan,ayom pangauban jalmi,priya miwah pawestri,yen wiji tengah saestu,linulutan ing jalma,akathah begjane luwih,nora pilih ing samubarang pakaryan.

Tuesday, September 27, 2016

No.91 Pakaryan (pangupajiwa) kang jodho lan dhdhasaraning watake bocah,murih tumeka ing kabegjan,mituru dina lahire



No.91 Pakaryan (pangupajiwa) kang jodho lan dhdhasaraning watake bocah,murih tumeka ing kabegjan,mituru dina lahire

Yen lahire ing dina:
Dina
Jodhone ulah
Akad
Tetanen lan nenukang
Senen
Praja lan ngawula
Slasa
Kaprajuritan lan ngambah segara
Rebo
Kapradhatan (pengadilan) lan gendhing
Kemis
Kapandhitan lan tetanen
Jumuah
Dagang lan tetanen
Sabtu
Kapujangan lan tetanen


Monday, September 26, 2016

No.90 Tamba bayi mutah-mutah ising-isingen



No.90 Tamba bayi mutah-mutah ising-isingen
\
1.Godhong uncang lan godhong poo sapantese,kapipis binanyonan sawatara,banjur dipupukake ig mbun-mbunan,sarta ing sikile dlamakan,tangan terus ing epek-epek,lan godhoh kuping,kawedhakna kang rata.
2.Kembang suruh 5 iji,tuma 3 iji,kawenyed binanyonan sathithik,banjur dicekokake.
3.Woh pala sakembange,santen kanil,jinten purih,kulit dlima,jae 3 iris,kabeh kapipis,dibanyoni anggur,nuli dipopokake hulu atine.