Translate

Saturday, August 20, 2016

No.62 Slametan brokohan



No.62 Slametan brokohan

Yen wis bayi mentas lahir,dibrokohi yaiku endhog mentah cacahe miturut neptune dina lan pasarane lahire bayi iku,gula jawa,dhawet, lan ambeng diwadhahi tampah,iwake kebo siji(iwak daging sathithik,lan sarupane jerohan sathithik-sathithik dipepaki sarta matane siji) lan pecel pitik jangan menir.
No.Rencanane bayi lahir
Kang anggoda para dewa,utusane sanghyang siwa,yen bayi lahir lagi oleh”
Sawengi,kang ngrencana bathara kala,rupa asu ajag tekane surup srengenge,tulake lawang-lawang obongana wlirang,sajroning omah oborana blarak sawengi ping telu,sajene sega punar iwak ati saundhuhan,kinang,pangilon,kelut,sapu gerang,kendhi,papan damar neng dhaganing bayi,bapakne ngubengana omah lan muji mangkene: Akala nama siwa.
Rong bengi,kang ngrencana bathara brama rupa sapi,tekane sirep wong,tulake lawang didodoki godhong nanas dilonthengi: putih lan ireng,ngobong kulit brambang,jeron omah diobori kanggo blarak sawengi ping telu,sajene: sega abang lawuhe kuluban,kinang,pengilon,sapu gerang,papan kendhi,damar neng dhaganing bay,bapakne ngubengi omah lan muji mangkene: hong brama sia yama swa henu.
Telung bengi,bathara wisnu rupa celeng,tekane tengah bengi,tulake pipi lawang  dekekana ri widara,lan ngobong godhong tanjung,sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu.Sajene: sega ireng iwak banyu,kinang,menyan madu,kembang boreh,kelut(sapu),papan pengilon,sapu gerang neng dhaganging bayi,damar,bapakne ngubengi omah lan muji mengkene: oma suyuna manta slano slana.
Patang bengi,bhatara guru rupa manuk perkutut,lan bathara mahadewa rupa wedus,apa dene bathara yama rupa sang sanggira,bathara brama rupa sapi,bathara kuwera rupa tikus,bathara pritanjala rupa manuk emprit,bathara langsur rupa menjangan,bathara kala rupa asu,bathara ludra rupa sapi handini,bathara surya rupa ula,bathara candra rupa kucing.Tutulake omah dikenthengi lawe wenang mubeng,sawengi ora kena turu,ngundanga danak karuhe supaya ngrewangi melek.Bayi kudu dipangku sawengi muput,gedheg omah disemburi dlingo bengle lan bawang,pujine:hong,hong,ywan ywan,siwah boja,bujanaki,tamar swana,maswala,ora kena mateni kutu-kutu,walang ngataga,semut ,tinggi,lemut lan sakabehe bae,sanajan gegremetane kang lembut banget uga ora kena den pateni.
Kang padha ngrencana mau,sawengi kudu dibagekake kaping telu,sambat arane sang kala katung mangkena mantrane:
Sapisan,ing wektu suruping srengenge,mantrane:Ahang kona ristikane sediya ayu,sun iya harja,muliha mengko padha tekamu tan anggegawa ala lungamu uga aja anggegawa ala.
Kapindho ing wektu tengah wengi mantrane: ahang,komes mateka ing kene sediya harja,ingsun iki iya harja,mulia bareng tekamu,tekamu ora anggegawa mulihmu uga aja anggegawa.
Kaping telune,ing byar rahina mantrane: ahang kanu raswa rawuh,sediya hayu,sun iya harja,muliha bareng saiki,tekamu ora anggegawa,mulihmu uga aja anggegawa.
Anggone mbagekake yaiku anggone mantrani seru kaya dene wong nyentak.

No.61 Kopohan



No.61 Kopohan

Jarik tilas dienggo tapih nalika duwe bayi,sawise dikumbah resik banjur dirawati(ora keno dienggo).Dene kanggone mung yen sibayi ora kapenak awake,iku ginawe suwuk dikemulake.Apadene dienggo besuk yen duwe anak maneh.Sarta kang ngumbah kopohan mau nganggo penebus(diupahi) dhuwit suwang saprapat(suwang sabenggol=10.5 sen).

No.60 Mendhem ari-ari



No.60 Mendhem ari-ari

Ari-ari diwadhahi kendhil anyar,ing jero dilambari gohong senthe didodoki:kembang boreh,lenga wangi,kunir tilas landhesaning pangethok usus la welate tilas pangethok(yen ora dirawat kanggo maneh) iya didokok kono,uyah,dom,benang,gereh pethek,gantal rong kenyoh,kemiri gepak jendhul,tulisan jawa,arab,A.B.C,dhuwit sagobang.Kendhil ditutupi lemper anyar kang rapet banjur kabuntel mori anyar sakacu.Ari-ari mau ana kang terus kalabuh ing kali,ana kang kagantung padoning omah njaba,besuk yen sibayi wis gedhe ari-ari kang kagantung banjur dilabuh dhewe deing sibayi mau.Nanging kang kelumrah terus dipendem,kang macul lan nglebokake ing luwang bapakne dhewe,sarta dandan kang becik lan kerisan.Ing saben wetone sibayi pendheman ari-ari mau didedeki kembang telon.

No.59.Ngethok usus



No.59.Ngethok usus

Ususe digegeli(diurut supaya nglumpuk getihe,banjur ditugel nganggo welat pring wulung lalandhesan kunir,getihe dileletake lambene bayi,supaya abang menger-menger,welate di rawati,kanggo maneh ing salawase,mulane ana sesebutan:sadulur tunggal welat.Dene yen ora dirawati,welat lan kunir diworna ing ari-ari kalebokake ing kendhil ).

No.58 Jabang bayi lahir.



No.58 Jabang bayi lahir.

Yen jabang bayi lahir,sadurunge den adani kupinge tengen lan den komati kupinge kiwa,bayi mau ora kena digepok wong seje liyane dhukune,krana bayi mau ijih suci lan menga hatine.Sakabehing bebalung,otot,getih,daging lan date kabeh ijih sarwa menga lan suci.Yen kagepok wong kang padha akeh dosane banjur kaget.Ati,ballung sung sum,la liya-liyane mbanjur padha rapet,mulane sunat den adani,krana kanggo nulak reridhune iblis kang aran omisijan,yaiku sababe bayi lahir mbanjur nangis,krana den cublesi dening iblis ngngo drijine kiwa tengen.Samanga den adani iblise ora wani.Lan uga den wacakake surat tinna anjalnahu ing kupinge tengen,kluhu ping telu ing kupinge kiwa.

No.57 Pal bayi lahir



No.57 Pal bayi lahir

Yen bocah lahir ing dina:
Wayahe mesthi
Jam

Akad
6,7,11,1 utawa 5
Ing wayah awan utawa bengi
Senen
8,10,1,3 utawa 5
Slasa
7,10,12,2 utawa 5
Rebo
7,9,11,2 utawa 4
Kemis
8,11,1,3 utawa 4
Jumuah
8,10,12,3 utawa 4
Setu
7,9,12,2 utawa 4

Dene yen arep duwe anak miturut desi siti fatimah kudu maca donga mangkene: ungiduhu bilwakidi samadiminsari kulidikasad.
Yen kasuwen anggone nglairake bayi:dongane: mani luwih retna mulya,kama putih retna gumilang,pangaeran,tana gumilang,rasa mawa karsa, dat mutrat nur putih mud putih mas kerat sukma eling rasa urip jatining ana ,nur langgeng sipat urip,nur dat,nur Mohammad.