No.56 Slametan tingkep
Yen nggarbini (meteng 7
wulan),mbanjur tingkeban katibakake dina rebo utawa sabtu,ing tanggal ganjil
sadurunge tanggal 15.
Kang nggarbini disirami lan
dikramasi,dene aduse nganggo siwur kang isih ana kambile,(kambile ora
dicukil),aduse nganggo banyu sekar setaman(banyu didedeki kembang).Dikosoki
glepung beras mancawarna(warna 7) diwori mangir,pandan wangi lan godhong
kemuning,kang ngedusi dhukune utawa sanak sadulure.Dene lungguhe ing dhingklik
dilemeki: klasa lan
godhong-godhongan:apa-apa,kluwih,kara,dhadhapsrep,alang-alang lan lemek kang
bangsa sembet yaiku:letrek,jingga,banguntulak,sindur,sembagi,slendhang,lurik
puluhwatu,yuyusekandhang,lan lawon.
Dene sajene:
1.Sega janganan lan jajan pasar.
2.Jenang:abang,putih,baro-baro
lan jenang procot
3.Sega garing,kedhele,kacang lan
wijen digoreng sangan banjur digongsa.
4.Emping ketan(ketan mentah
kagoreng sangan dikrawu kasisiran gula jawa)
5.Tumpeng robyong(tumpeng
diwadhahi cething,didedeki endhog wajar,iwak,trasi,brambang lan
lomdok,disunduki,lomboke ana ing dhuwur dhewe,banjur kacublesake ing pucuking
tumpeng.Dene ing kiwa tengene mubeng dicublesi,sundukan gereh,krupuk lan
janganan kayata: kacang,kobis,lan sapanunggalane).
6.Penyon(glepung beras dijuri
banyu,digawe rupa moncawarna,kuning,ireng,putih,lan
sapanunggalane,dilentreng-lentreng sap sapan,banjur didang,diiris-iris).
7.Sampora(glepung beras dijuri
santen,diemba bathok mengkurep,ing njero digulani banjur kalangseng).
8.Pring sadhapur(glepung beras
mateng dijuri banyu,kapetha tumpeng cilik 9 jodo,banjur ditancepi ,
Sawise siram resik,banjur
diwuloni dhukun lan banjur salin mancawarna pasatan,diubedi lawe
abang,putih,ireng,nanging nglowong adoh lan weteng,banjur maratuwane utawa
dhukune nibakake trobong(piranti ngikal lawe) kang nampani tropong biyune dhewe
utawa dhukune ,karo muni:lanang arep,wadon arep,janji slamet.Banjur nibakake
cengkir gadhing kagambar kamajaya ratuh,janaka sambadra,utawa panji lan
candrakirana,uga muni:yen lanang kaya:kamajaya,arjuna utawa panji,yen wadon
kaya:ratih,sembadra utawa candrakirana.
Sawise banjur mlebu ngomah ngadeg
sangareping patanen(senthong tengah) ing kono wis disehiyani tapih lan kemben
pitu-pitu,dienggo ganti-ganti kakendhokake bae,nganggo sapisan,ing kono para
sepuh ana kang ngelokake:durung patut,banjur diplotroake,salin seje-sejene iya
diaruh-aruhi maneh yen durung patut,mangkono sateruse nganti kaping pitu
anggone salin,meksa durung kabenaran,nganti tapih kembene nglumbruk ora kena
disingkirake,sarta banjur dilungguhi.Sawise mangkono banjur nganggo-nganggo
sandhangan kang sabenere,yaiku tapih bathik tuntrum,kemben dringin,tanpa klambi
lan ora kena nganggo:suweng,ali-ali,gelang kalung lan kembang,banjur
dielokake:wis patut,wis patut.
No comments:
Post a Comment