Translate

Friday, August 12, 2016

No.44 Slametan panganten



No.44 Slametan panganten

No
Wujude
Kang dicaosi dhahar
1
Apem ketan kolak
Mumule luhur
2
sega adhem-adheman(wajar lawuse janganan lan endhog ghodogan,tanpa uyah lan liyane)
Panuwun katentreman
3
Sego golong lulut,lemek lan tutup endhog dadaran(ngisor lan sandhuwuring golong didedeki endhog dadaran)
Panuwun kumpuling kawula gusti
4
Sega gebuli lawuh endhog wutuhan,brambang wutuhan padha digoreng lan iwak gorengan,sarta wedang bubuk
Mumule seh abdulkadir jaelani
5
Ketan salak
Mumule K.P senapati
6
Bakaran iwak lan ati candu
Mumule kang rumeksa gilang
7
Ketan salak,endhog ayam di pindhang
Mumule K.S agung
8
Kolak kencana(gedhang mas wutuhan sakulite dikolak)
Mumule K.Ratu kidul
9
Ketan punar,enten-enten,tutup sarta lambaran endhog dadaran(ngisor lan sandhuwuring ketan punar didedeki endhog dadaran)
Mumule panembahan bodho
10
Dhawet
Mumule hyang antaboga
11
Rujak degan
Panuwunan seger kewarasan
12
Ketan mancawarna(ketan di gawerupa:abang,ijo,kuning lan sapanunggalane)
Mumule bangsa mas inten,wesi lan sapanunggalane
13
Arang-arang kambang(sega garing digoreng,kacemplungake gula santen),opak angin,jipang
Mumule kang rupa angin
14
Jangan padhamara(jangan kangkung nganggo iwak,bumbune brambang,bawang,salam,laos,tumbar,jinten,gula,asem,trasi
Lan uyah).Jongkong(glepung beras diuleni enjet,diwungkusi didedeki gula jawa didang).apa dene inthil
Penyuwunan guyub rukun
15
Tumpeng robyong(endhog godhogan sakulite disunduk nganggo sujen,sandhuwure endhog trasi bakaran banjur brambang,ing dhuwur dhewe lombok.Sundukan iku ditancepake ing pucuking tumpeng sarta ing kiwa tengbang ene ditancepe sawarnane jajanganan,nganti tumpeng mau katon rompyo-rompyo,marga kebak sundukan kang padha tumancep mau),sarta tumpeng gundhul(tumpeng tanpa lawuhan).
Panyuwunan supaya slamet sapandhuwure
16
Sega walimah(sega punar)
Iki yen mebeneri ijabing panganten
17
Jenang pliringan(jenang abang ing pinggir ditumpangi jenang putih mung sasisih ),jenang palang(jenang abang ing nduwur ditumpangi jenang putih malang ),jenang baning(jenang sungsum)
Mumule abubakar,usman,umar lan ngali

No comments:

Post a Comment