Translate

Saturday, August 6, 2016

No.22 Petung salaki rabi



No.22 Petung salaki rabi

Wetone panganten lanang wadon neptune kagunggung banjur kabage 10 utawa 7,turahe ora keno luwih saka 7.Manawa kabage 10 turahe luwih saka 7,iku banjur kabage 7,angka turahane nuduhake ketemuning petungan.
Umpama panganten lanang wetone rebo paing,kang wadon kemis pon,neptune ana 7 + 9+8+7=31,kabage 10 turah 1,petunge tiba wasesasegara.
Dene upama gunggune neptu mau ketemu 28,iku manawa kabage 10,katemu turah 8,dadi luwih saka 7,iku ora kena mula ora kabage 10,nanging kudu kabage 7,ing kono katemu turah 7,petunge tiba lebu katiup agin.Pratelane kaya ngisor iki.
Yen turah 1. Wasesasegara,kamot,jembar budine,sugih pangapura gedhe prabawane.
                  2. Tunggaksemi,cepak rijekine
                  3. Satriya wibawa,oleh kamulyan lan kaluhuran
                  4. Sumursinaba,dadi panggungsening kapinteran
                  5. Satriyawirang,nandhang dukacita,kawirangan,isarat panulake ngetokake getih,umpamane mbeleh ayam
                “ 6. Bumikapetak,petengan aten,nanging taberi ing gawe,kuat nandhang lara lapa,resikan,isarat panulake mendhem lemah.
                “ 7. Lebu katiup angin,nandhang papa cintraka,kabeh karepe ora dadi,kerep ngalih omah,isarat panulake ngabul-abul lemah.

No comments:

Post a Comment