Translate

Friday, August 12, 2016

No.47 Siraman panganten



No.47 Siraman panganten

Dina ngarepake midodareni panganten lanang wadon didusi lan kramas,aduse nganggo banyu sekar setaman(bany didedeki kembang).Kosokane glepung beras mancawarna(warna 7),diwori mangir,pandhan wangi lan godhong kemuning,kang ngedusi sanake kang sepuh-sepuh.Dene lungguhe ing dhingklik dilemeki klasa anyar lan godhong-godhongan:apa-apa,kara,kluwih,dhadhapsrep,alang-alang,sarta diwenehi kang bangsane sembet yaiku: letrek,jingga,bangun-tulak,sindur,sembagi,slendhang lurik puluhwatu,yuyusekandhang, lan lawon.Yen wis resik,banjur diwuloni banyu kang diwadhahi klenthing,sarta klenthinge nuli dipecah dening para sesepuh kang ngedusi,sarta karo muni:wis pecah pamore.Dene sajene kasandhingake ing sacedhaking papan adus kono,rupa:tumpeng robyong,tumpeng gundhul,jenang abang putih ,jajan pasar,kembang sarta pitik urip-uripan.

No comments:

Post a Comment