No.43 Panganggo
Yen wis wiwit tarub,bapa biyunge
panganten wadon nganggo jarik cakarayam,bapakne sabuke sindur,biyunge kemben
sindur.Yen midodareni bapa biyunge ganti jarik truntum,ijih sabuk lan kemben
sindur.Yen ijab uga ijih padha nganggo jarik truntum lan sabuk serta kemben uga
ijih sindur.Dene yen temuning panganten bapa biyunge kena nganggo jarik
sakarepe,nanging sabuk lan kemben ijih sindur.
Dene yen wis tarub,panganten
wadon nganggo jarik bangsa nitik,klamben sakarepe,panganten lanang panganggone
sakarepe.Yen midodareni panganten lanang wadon jarike truntum,ikete lan kembene
semen.Yen wis bakda ketemu sawise rucat raja kaputren,panganten lanang wadon
jarik sakarepe,iket lan kemben uga sakarepe.
No comments:
Post a Comment