Translate

Saturday, August 6, 2016

No.33.ala beciking sasi kanggo ijabing panganten



No.33.ala beciking sasi kanggo ijabing panganten

Sura
Tukar padu,nemu karusakan (aja diterak)
Sapar
Kekurangan,sugih utang (kena diterak)
Mulud
Mati salah siji (aja diterak)
Rabingulakir
Tansah dicatur lan nemu ujar ala (kena diterak)
Jumadilawal
Kerep kelangan,kapusan,sugih satru(kena diterak)
Jumadilakir
Sugih mas salaka
Rejeb
Sugih anak lan slamet
Ruwah
Rahayu ing sakabehe
Pasa
Cilaka gedhe(aja diterak)
Sawal
Kekurangan,sugih utang (kena diterak)
Dulkangidah
Gering,kerep pasulayan lan mitra(kena diterak)
Besar
Sugih,nemu suka harja

Katrangan: kang becik kanggo ijabing panganten yaiku sasi jumadilakir,rejeb,ruwah lan besar,samono iku yen sajrone sasi-sasi mau ana dinane slasa kliwon,luwih becik maneh yen ing sasi iku uga ana dinane jumuah kliwon.Dene yen ora ana dinane slasa kliwon sasi-sasi mau banjur kapetung sasi kang ala lan ora keno kanggo ijabing panganten.Yen perlu,aluwung nerak nganggo sasi-sasi kang kurang becik yaiku:sapar,rabingulakir,jumadilawal utawa sawal,nanging yen sasi-sasi mau ana dinane slasa kliwon,sukur bage kajaba ana dinane slasa kliwon,uga ana dinane jumuah kliwon,iku kang luwih becik banget


No comments:

Post a Comment