Translate

Friday, August 12, 2016

No.48 Midadareni



No.48 Midadareni

Ing bengi kebener midadareni,iku wiwit jeneng panganten.Panganten lanang mara marang wong tuwane panganten wadon,arane nyantri.Manganggone kasatriyan.(Niru agem-ageming para satriya,yaiku para putra dalem,gusti pangera sarta bandara pangeran),yaiku bebedan,klambi,takwa(sorjan) saka sutra,iket-iketan jebehan,sarta nganggo kalung karset,peniti lan liya-liyane,keris ora keri,(cara ngayogyakarta).Ing sala tumrape panganten nyantri,mbokmenowo sandhangane uga kaya ing ngayogyakarta,awit iku agem-ageman(busana) pokok(kuna).
Udakara jam 7 bengi,panganten lanang mara marang omahe wong tuwa.Panganten wadon,ginarubyung para kulawarga,sanak sedulur lan mitra-mitra.Satekane panganten,banjur kapasrahanek wong tuwane panganten wadon,sawise ditampa banjur kapapanake ing pamondhokan kang wis disedhiakake.Ing bengi iku kang aran midadareni,kang padha jagong sarimbitan.Panganten lanang kang ing pamondhokan,sawise kasugata wedang,minuman lan papanganan kang padha pinanggeng,apadene mangan sega iwak salawuhe lan liya-lyane,banjur metu marang pendhapa,nemoni para tamu kang padha jagong midadareni,angeleki panganten.Nanging mung sawatara suwene,banjur lumebu ing pamondhokan ngaso,aja nganti kasayahan marga esuke bakal kaijabake lan katemoake.
Mungguh jagong midadareni iku,para tamu anggone lenggahan mung pada kendel bae,yen ngendikan mung karo jejere linggih sarana klesik-klesik(lirih).Ing wayah jam 3 bengi,para tamu lagi bae disuguhi dhahar.Dhahare sega janganan lan endhog-endhogan.Kang dhahar dhisik tamu wanita,salebere iku banjur tamu kakung.Ujube mumule para widadari.Iku nulad duk kramane Jaka Tarub dhaup karo widadari dewi nawang wulan.Sarehning kramane Jaka Tarub mau dadakan,mangka ing padhukuhan Tarub iku cedhak alas lan adoh negara dadi pasugatane mau mung sahanane ing papan kono bae,yaiku sega lawuhe sarw janganan lan endhog-endhogan.
Ing pemburine suguhan mangkono banjur dirangkepi suguhan majemukan,yaiku sega wuduk iwk lembaran pitik wutuh,(ana kang ngarani ingkung,marga mekungkung,sanajan wis diolah mateng ijih wujud rupa pitik).Sarta ana lawuhane maneh bangsane lalaban sarwa mentah,yaiku:thokolan(kecambah),kemangi,rajangan,kobis,pete lan jengkol(jering) sambele pencok(kacang tholo) lan sambel pecel.
Lawas-lawas jagong midadareni banjur nganggo karameyan nayuban.(ing sala,ing ngayogyakarta ora tumindak),pasugatane marupa-rupa,(ing saiki sala,mbokmenowo uga wis ora tumindak tayuban ana ing panjagongan midadareni).Dene anane jagong midadareni ing jaman saiki,ing ngendi-ngendi papan saindenge tanah jawa,wis lumarah kena diarani padha bae tumindake.Kajaba ing keraton ndalem Ngayogyakarta hadiningrat,utawa para luhur,gusti utawa bandara pangeran,sanajan tatanane wis omah,nanging kang dadi pokoke tatacara midadareni ijih katindakake.

No comments:

Post a Comment