No.55 Slametan wong meteng
Slametan wong meteng yen wus
oleh:
|
Sasi
|
|
|
1
|
1.Jenang abor-abor(sungsum),yaiku glepung beras
kajenang diuyahi adune juruh santen
|
|
2
|
1.Sega janganan,yaiku tumpeng pinggire mubeng
didedeki janganan,rupane janganan manut kalumrahane panggonane
dhewe-dhewe,nanging cacahe kudu ganjul,upama janganan rupa 9,11,lan
sabanjure,janji ganjil.
2.Jenang
abang,yaiku beras kajenang digulani jawa,(gula klapa).
3.Jenang putih,yaiku beras kajenang disanteni.
4.Jenang abang putih,yaiku jenang abang ditumpangi
jenang putih,kang digawe kaya kasebut ing dhuwur iku.
5.Jenang baro-baro,yaiku katul dijenang disisiri
gulo jowo lan parudan kambil.
6.pipis kenthel,yaiku glepung beras diuyahi lan
disanteni,digulani jawa kasisir,banjur kawungkus didang.
7.Jajan pasar lan kembang boreh,yaiku sawarnaning
jajan pasar dipepaki.
|
|
3
|
Slametane padha karo 2 sasi
|
|
4
|
1.Sega punar,yaiku sega wuduk dikuniri lan diasemi,lawuhe
kebo siji(iwak daging lan sawarnaning jerohan sathithik-sathithik sapepake
lan mata siji),nganggo sambel goreng.
2.Apem,glepung beras dicolok ragi digulani jawa.
3.Kupat,yaiku sawarnaning kupat
janur:1.sinta,2.jago,3.sidalungguh,4.luwar
|
|
5
|
1.Sega janganan,kaya kasebut ing ndhuwur
2.Uler-uleran,yaiku glepung beras dijeri banyu
diwowori nopal abang,kuning,ireng,lan liya-liyane,banjur digawe wangun uler.
3.Ketan mancawarna,yaiku ketan digawe rupa-rupa
warna,sarta enten-enten,minangka adune pandhahare.
Slametan 5 wulan iku,banjur nyaosi priksa para
sanak sadulur,nyuwunake pangestu wilujeng,sarta nyaosi dhaharan diwadhahi
takir dirangkepi janur kuning(takir ponthang) bitinge don warna
5,mas,suwasa,salaka,wesi,lan tembaga,lambarane tebok utawa lemper lemah.Isine
takir ponthang sega wajar lan punar,lawuhane iwak gorengan kebo siji,tegese
iwak sajerohane dipepaki,nganggo mata siji,lan panganan kang kanggo
slametan,apadene rujak crobo.
|
|
6
|
Apem kocor,yaiku glepung beras dicolok ragi tanpa
gula,nanging pandhahare nganggo juruh santen.
|
|
7
|
Jenenge tingkep,mriksanana slametan tingkepan
|
|
8
|
Bulus angrem,yaiku klepon ditutupi srabi putih
kakurapake,srabi=buluse,klepon=endhoge kang diangremi.Klepon kang digawe glepung ketan dijeri banyu diwenehi
godhong katu utawa pandhan,utawa kara,diglindhing ing jero nanggo gula
dikrawu.Dene srabi sing digawe glepung beras nganggo krambil dijer ing
pangaron diolah ing sangan ditutupi.
|
|
9
|
Jenang procot,yaiku glepung beras dicuri gula
santen,kajenang,yen wis satengah mateng,banjur didedeki oncek-oncekan gedhang
wutuhan,yen wus mateng diwadhahi takir.
|
Dene yen wis 9 sasi tanggal tuwa
lek 10,durung krasa nglarani,dislameti dhawet plencing,kang digawe pathi onggok
digulani santen,didol,kang tuku bocah,nganggo dhuwit wingka,sanalika dhawete
kudu diombe,yen wis diombe bocah mau banjur lumayu mlencing.
Katrangan: yen meteng
mendeking,yaiku meteng kaping 3,5,7 sabanjure(meteng tiba ganjil) slametane
nganggo sega loyang(sega garing didang),kayune galar amben,supaya suda rekasane
lan slamet,marga meteng mendeking iku luwih rekasa anggone nglahirake jabang
bayi.
No comments:
Post a Comment