No.50 Panganten lanang arep
ijab(ningkah)
Panganten lanang yen arep
ijab,panganggone kulukan lan kampuhan,utawa bebedan lan iket-iketan,mung bae
ora kena menganggo kang bangsane mas-masan,uga ora kena nganggo jarik utawa
iket kang bathikane nganggo manuk,kupu lan liya-liyaneng(bathikan kang nganggo
corak kewan urip).Keris pendhoke swasa,perak utawa liya-liyane uger dudu
mas,lan uga panganten durung kena kerik.
Ngarepake sa’ating ijab,panganten
budhal saka pamondhokan,kinanthi para sepuh,ginarubyung para kulawarga,terus
lumebu ing pandhapa kang wus ginelaran prang wadani(babud) lenggah
dhepokan.Panganten lungguhe ing tengh madep mengulon,anglungguhi klasa bangka
kang ginelar mujur mengulon tumumpang ing prangwadani,semu ngadepake penghulu.Kasambungan
akrabing panganten lan tamu liyane.Wali ing lor mandhep ngidul ngulon,semu
ngadepake penghulu.Punggawa penghulu kang nekseni ing kidul madhep ngalor
ngetan,semu ngadepake panganten,Kasambungan akrabing panganten lan liya-liyane
angubengi lungguhing panganten.Sawise samekto lan wus tumeko sa’ate,banjur
kaijabake sarana mas kawon slaka putih bobot setail,kang banjur kaliru dhuwit rong semat(ringgit perak
2).
Salebaring ijab,panganten
ngabekti marang para sepuh kang pantes dingakbekteni.Sawise banjur mundur ing
pamondhokan maneh,dandan arep katemu,(temuning panganten).
Ora suwe banjur angetokake
slametan mumule luluhur,rupa sega asah(ambengan),iwak goreangan kebo siji(iwak
kebo sapepake: utek,mat,sewarnaning jeroan,luhur,sampil lan liya-liyane),pindhang
abang,pindhang putih.
No comments:
Post a Comment