No 46 Sasrahan(lamaran)
Yen wis kurang 3,2, utawa sadina
karo ijabing panganten,wong tuwane panganten lanang masrahake sasrahan(lamaran)
marang wong tuwane panganten wadon(besan) wujud:
Kebo sarakit dikalungi
cindhe,sarta sungune dicathok nganggo perak.Yen mung mburu cukup,sungune kene
dienjeti bae,supaya katon putih,iku minangka gantine cathok perak.
Banyak sarta pitik padha nyajodho
lanang wadon,panggawanane padha diemban nganggo cindhe utawa sindhur.Yen besane
salah siji lagi ngandeg(meteng) pitike wadon diganti babon angrem.Apadene
temuning panganten,pangantene kinurung ing lawe wenang satukel.
Jolen isi wit lombok,wit
terong,wit parijata utawa ranti,padha nyarakit,sarta tebu arjuna sarakit,mung
bar tebune ora diwadhahi jolen,nanging digawa ing uwong.
Jolen sisi beras lan krambil
sajanjang,lan ana uga kambile mau pamikule ora diwadahi jolen,sarta kambile
nganti 25 glundung akehe.
Jolen isi
dandang,kendhil,ceret,kenceng,siwur,kabeh,saka tembaga,sarta iyan lan ilir.
Jolen isi gawangan,bandhul,wajan,canthing,lawon
lan dhakon.
Jolen isi anggi-anggi,yaiku jamu
galian,diwadhahi ing ponjen kang kinrodhongan ing cindhe,utawa diwadhahi
bothekan,uga kinrodhongan cindhe,sarta dhuwit pecah 25 rupiah abang,diwadhahi
kanthong(25 rupiah abang= +- f 20,84).
Jolen isi sega iwak lan lawuhan
liya-liyane,sarta panganan rupa-rupa.
Dene yen salah sijine besan ana
sing wis ajal,nganggo sasrahan bendhe.
Mungguh lakune sasrahan kebo
sarakit ana ngarep dhewe,tumuli banyak lan pitik sakembaran lanang
wadon,diemban cindhe utawa sindhur.Banjur tebu arjuna sapasang digawa(dicekel)
uwong sarta jolen kang isi wit: lombok,terong,parijata utawa ranti.Kasambung
jolen-jole liya-liyane.Apadene jodhang-jodhang kang isi sega iwak lan lawuhan
sarta panganan,iku kang ana ing mburi.Lakuning sasrahan(lamaran)
iku,sadalan-dalan dadi tontonaning uwong akeh.
Satekane ing panggonane wong
tuwane pangnten wadon,kinormatan unining gamelan nalaganjur.Para tamu kakung
kang angring sasrahan anjujug ing pandhapa,tamu estri lumebu ing omah mburi.
No comments:
Post a Comment