Translate

Saturday, August 6, 2016

No 21. Petung salaki rabi



No 21. Petung salaki rabi

Wewaton makam agung (kraton mulya), yaiku saka anane aksara jawa kang kanggo dadi jenenge penganten wadon.
Petung mung kajupuk aksara kang ngarep dhewe.Dene kang apik,yaiku yen aksara kawitan jenenge panganten lanang wadon nunggal sagaris (nunggal panggonan).
Dene kang ala, yaiku yen aksara kawitan jenenge panganten lanang wadon ora nunggal panggonan.
Terange ,yen aksara kang ngarep jenenge panganten lanang wadon nunggal garis iku apik,yen ora nunggal garis iku ala.Anggone nyumurupi endi kang kalah lan endi kang menang,yaiku: aksara kang ana ing garis I,kalah karo aksara ing garis IV ing garis IV kalah karo ing garis III,ing garis III kalah karo ing garis II,dene ing garis II kalah karo aksoro ing garis I.

No comments:

Post a Comment