No.60 Mendhem ari-ari
Ari-ari diwadhahi kendhil
anyar,ing jero dilambari gohong senthe didodoki:kembang boreh,lenga wangi,kunir
tilas landhesaning pangethok usus la welate tilas pangethok(yen ora dirawat
kanggo maneh) iya didokok kono,uyah,dom,benang,gereh pethek,gantal rong
kenyoh,kemiri gepak jendhul,tulisan jawa,arab,A.B.C,dhuwit sagobang.Kendhil
ditutupi lemper anyar kang rapet banjur kabuntel mori anyar sakacu.Ari-ari mau
ana kang terus kalabuh ing kali,ana kang kagantung padoning omah njaba,besuk
yen sibayi wis gedhe ari-ari kang kagantung banjur dilabuh dhewe deing sibayi
mau.Nanging kang kelumrah terus dipendem,kang macul lan nglebokake ing luwang
bapakne dhewe,sarta dandan kang becik lan kerisan.Ing saben wetone sibayi
pendheman ari-ari mau didedeki kembang telon.
No comments:
Post a Comment