No.38 Tarub
Yen wi kurang 3,2 utawa 1 dina
karo temuning panganten,ing dina kang kapetung tiba becik,banjur
tarub,saubening pandhapa,ing papan gamelan sarta sangareping pawon kataruban
betepe,yaikuanaman blarak,saka pring wulung utawa pucang,direnggo janur
kuning,didedeki cengkir legi lan cengkir gadhing,gedhang
tundunan,tebu,pari,otek lan sapanunggalane.Mangkono ugo ing sajabaning kori
regol kapasangan rerengan sapantese,ora ana papan kang kaliwatan.Kabeh
ditarub(betepe).Apadene nyemplungake ing sumur utawa kulah krambil
satabone(sasepete) kagandheng.
No comments:
Post a Comment