Translate

Friday, August 12, 2016

No.45 Sarat lan sajen mantu



No.45 Sarat lan sajen mantu

1. Sajen patanen(kobongan) yaiku senthong tengah,sajene rupa tumpeng robyong,tumpeng gundhul padha diwadahi cething.Jenang abang putih,baro-baro diwadahi cowek cilik-cilik.Jajan pasar diwadahi tampah,wujude:gedhang raja,gedhang pulut,jambu kluthuk,bengkowang,tela pandhem,uwi,gembili,timun,tebu,srabi abang putih,opak angin,jadah jenang,tape,kinang,kembang boreh,menyan lan empon-empon,kayata:dlingo,bengle,temulawak,temugiring,kunir,kencur.Tampah diiseni: beras setakir,didedeki endhog ayam mentah 1 lan dhuwit rong wang seprapat(19.5 sen)                                                                                         :gula jawa setangkep,krambil seglundhung,lan empluk isi:beras,kemiri gepak jendhul,kluwak,benda,kisi,pengilon,jungkat,suri,lenga sundhullangit lan endhog ayam mentah 1 pitik urip.Klasa anyar.Kendhi lan damar clupak.Endhas kebo(uga kena diganti iwak kebo siji yaiku daging,jerowan sapepake,sethitik-sethitik bae mung kanggo sarat,uteg lan mata 1).Kalak,yaiku iwak sujenan dibakar tanpa bumbu.
2.Sajen padharingan padha bae karo kasebut ing dhuwur iku,dene bedane yen sajen padaringan ora nganggo endhas kebo lan kalak.
3.Pendheman,empluk isi gereh pethek,kadhele,kacang ijo,kemiri gepak,jendhul endhog ayam mentah,gantal,lengan ½ gendul lan banyu gendhul diworake,supaya kalis ing tuju,tenung,teluh ,taragnyana,kabeh mau dipendhem ing sangareping patanen(kobongan),ngarep lawang gedhe,ngarep pawon lan ing dalan prapatan.
4.Buwangan,empluk isi gereh pethek,kadhele,kacang ijo,kemiri gepak jendhul,endhog ayam mentah,gantal,lengo ½ gendhul lan banyu i/e gendhul diworake,kembang boreh,jenang abang putih,jenang baro-baro,gecok mentah,padha diwadai takir,saben satakir nganggo dhuwit sigar(1/2 sen),kang dibuwangi ing:patanen(kobongan),gedhong wetan kulo utowo gandhok,sakabehing:lawang,pojokan omah,sumur,jamban(pakiwan),jumbleng(kakus),pawuhan,regol,papaning gamelan,dalan prapatan an ing kali.
5.Sarat,anjupuk wedhi ing kagungan dalem bangsal sitinggil,godhong wringin lumah mangkurep,wringin sengkeran(wringin kurung) wetan kulon yaiku kanjeng kyai jayandaru,sarta dewandaru,sarta njupuk uwuh ing pasar gedhe kanggo adang,apadene njupuk banyu tempuran,yaiku tempuking kali loro diwadhahi kendil utawa klemuk kanggo sajen.

No comments:

Post a Comment