Translate

Tuesday, September 27, 2016

No.91 Pakaryan (pangupajiwa) kang jodho lan dhdhasaraning watake bocah,murih tumeka ing kabegjan,mituru dina lahire



No.91 Pakaryan (pangupajiwa) kang jodho lan dhdhasaraning watake bocah,murih tumeka ing kabegjan,mituru dina lahire

Yen lahire ing dina:
Dina
Jodhone ulah
Akad
Tetanen lan nenukang
Senen
Praja lan ngawula
Slasa
Kaprajuritan lan ngambah segara
Rebo
Kapradhatan (pengadilan) lan gendhing
Kemis
Kapandhitan lan tetanen
Jumuah
Dagang lan tetanen
Sabtu
Kapujangan lan tetanen


Monday, September 26, 2016

No.90 Tamba bayi mutah-mutah ising-isingen



No.90 Tamba bayi mutah-mutah ising-isingen
\
1.Godhong uncang lan godhong poo sapantese,kapipis binanyonan sawatara,banjur dipupukake ig mbun-mbunan,sarta ing sikile dlamakan,tangan terus ing epek-epek,lan godhoh kuping,kawedhakna kang rata.
2.Kembang suruh 5 iji,tuma 3 iji,kawenyed binanyonan sathithik,banjur dicekokake.
3.Woh pala sakembange,santen kanil,jinten purih,kulit dlima,jae 3 iris,kabeh kapipis,dibanyoni anggur,nuli dipopokake hulu atine.

No.89 Tamba bayi lara panas



No.89 Tamba bayi lara panas
\
1.Dlingo sapucuk jenthik,bengle sairis,katumbar sajimpit,brambang 1,mesoyi sapucuk sajenthik jinten ireng sajimpit,seprantu sacuwil,jenggot ajar sajenthik,kunir sajenthik,dikumbah resik,dipipis binanyonan cokak jawa sathithik lan lenga putih sawatara sapantese nuli diblonyohake awake sakojur tekan sirah,lan banjur dikrukub.
2.Yen diantarake mangka panase ijih ajeg,nuli tambanana godhong jinten sathithik,brambang 2 iji,banjur karemed diwori cokak jawa,banjur dikompresake ing sirahe,aja leren-leren yen durung sirep panase.
3.sDene jamune:oyod garut 2 wit,adas pulawaras sajimpit,brambang 1,kayulegi sadriji,dikumbah resik,kabeh kadeplok,binanyonan sathithik,kaperes disaring,banjur diombekake watara sasendhok mangan.
4.Godhong dhadhapsrep 5 lembar,upa(sega) watara sapulukan,banjur karemed,binanyonan sawatara,banyune kasaring,banjur kaombekake watara sasendhok mangan.
5.Bonggol puspanyidra rong jempol,adas pulawaras sajimpit,dideplok binanyonan,kaperes disaring diuyahi sathithik,banjur kaombekake watara sasendhok mangan.
6.Yen banjur lara hulu atine,tambanana:kulit dlima putih,godhong poo,kembang pala,kabeh kapipis nuli tapelna ing hulu atine.
7.Godhong lampes,godhong sembukan,gdhong trawas,botor putih,kadhawung,ketumbar,brambang,kej sathithike sapantese bae,beras sajimpit,kabeh dipipis,banjur kanggo tapel.

No.88 Tamba bayi kembung



No.88 Tamba bayi kembung
\
1.Adas sajimpit,brambang siji,kedhawung sajodho dibakar mateng kabeh kapipis,banjur kanggo tapel ing wetenge.
2.Godhong inggu satekem lan brambang,kapipis,diwori lengo putih,kanggo tapel ing wetenge.
3.Yen bocah grayangane panas,banjur tapelana godhong dhadhapsrep kang ijih semuruh,pinusus,banjur ditapelake.
4.Oyod lembong 1 wit,adas pulawaras sajimpit,brambang 1,kayulegi sajenthik,kapipis binanyonan diuyhai sathithik banyune kacekokake.
5.Bocah kembung prayoga aja didusi,sarta sikile kiwa tengen,dlmakan,tangan kiwa tengen,epek-epek padha digosok brambang karo lenga klethik.

No.87 Tamba bayi lara sawan[



No.87 Tamba bayi lara sawan[

1.Godhong inggu,gagang suruh,dlingo,bawang,kabeh pinipis binayonan sathithik,diuyahi sathithik,banjur kaperes disaring,banyune dicekokake.
2.Godhong legundhi lan brambang kapipis,binanyonan sathithik,diuyahi sathithik kaperes disaring,banjur kacekokake.
3.Pucuking dlingo 3 iji kabakar nganti gosong,lan adas pulawaras kapipis,banjur diwor karo jeruk pecel,kayu angin,oyod bayem,keh sathithik sapantese bae,banjur diwadhahi ing kriyuk,dibanyoni 2 mangkok kagodhog banyune dikarekake samangkok,banjur diombekake sadina ping pindho,nganti 3 dina.
4.Oyod brambang oyod suket lulangan,adas pulawaras,secang bathok krambil laut,kabeh kapipis binanyonan sapantese,banyune kacekokake,ampase kaborehake.
5.Godhong sikil sawit,ganti,mesoyi,jinten,majakan,lempuyang,kabeh dimamah kang lembut,nuli disemburake kang warata.