Translate

Friday, September 16, 2016

No.66 Rencanane bayi yen lagi puput puser



No.66 Rencanane bayi yen lagi puput puser

Kajaba rencanane bayi ing sawengi tumekane 4 bengi kaya kasebut ing No.63,yen mbeneri puput puser,iku luwih gedhe maneh rencanane,kasebut sarapsawan,sarapsawan iku lelembut,sadulure sijabang bayi dhewe,yen ora disumurupi,banjur ngganggu gawe.Dene sadulure sibayi yaiku:
1.Kutilapas kethek
Kedadean saka bungkus
2.ce eng demalung
Kedadean saka kawah
3.Asu ajag
Kedadean saka ari-ari
4.Kalasrenggi(bantheng)
Kedadean saka getih
5.Kalamurti(kebo)
Kedadean saka kelem
6.Kalarandhing(menjangan)
Kedadean saka ilu
7.Kalawelakas(kidang)
Kedadean saka kunir landhesane pangethoking ari-ari
8.Tikus jinada
Kedadean saka coplokaning ari-ari
9.Taliwangke
Kedadean saka ususing ari-ari

Para sadulur si jabang bayi mau,kajaba disumurupi kaya kasebut ing No 63 lan uga dilela-lela sarana kikidungan,mangkene kikidungane:
DHANDHANGGULA
1.Apa kidung akadang premati,among tuwuh ing kawastanira,nganakaken saciptane,kakang kawah puniku,kang rumeksa ing awak mami,anekakaken sedya,pan kawusanipun,adhi ari-ari ika,kang mayungi ing laku kuwasaneki ngenakaken pengarah.
2.Ponang getih ing rahina wengi,angrowangi Allah kang kuwasa andadekaken karsane,puser kuwasanipun,nguyu-uyu sembawa mami, nuruti ing panedha,kuwasanireku,jangkep kadangingsun papat,kalimane pancer wus sawiji,nunggal sawujud ingwang.
3.Yeku,kadangingsun kang umijil,saking margaina sareng samya sadino awor enggone,sakawaqn kadangingsun,ingkang ora umijil saking,margaina punika,kumpule lan ingsun,dadiya makdumsarpin sira,wawayangan ing datreke dadiya kanthi,saparan datan pisah.
4.Yen angidung poma den memetri,mumulea sega golong lima,takir ponthang wawadhahe iwak-iwakanipun iwak tasik rawa lan kali,sarta iwak bengawan,mawa gantalipun,rong supit winungkus samya,apa dadya sawungkus arta sadhuwit,sawungkuse punika.
5.Tumpangena neng ponthangnya sami,dadya limang wungkus ponthang lima,sinung sekar cepakane,loro saponthangipun,kembang boreh dupa ywa lali,memetri ujubira,donganira mahmud,[oma dipun lakonana,saben dina nuju kalahiran neki,agung sawabe ika.
6.Balik lamun nora den lakoni,kadangira pan padha ngrencana,temah udrasa ciptane,sasedyanira wurung,lawan luput pangarahaneki,sakarepira wigar,gegar datan antuk,saking kurang temenira,madhep laku ing den eling,samya deng kawruhana.

No comments:

Post a Comment