No.78 Tamba Tapel la pupuking
bayi
1.Jeruk pecel 1,enjet,lenga
putih,diulet banjur ditapelake.
2.Adas,brambang,kadhawung,dibakar,kayu
angin,kayu ulet-ulet(kayu ules),temulawak,godhong lapes,godhong sembukan,asem
ireng,banjur kapipis,kanggo tapel.
3.Yen ore,
pupuke:dlingo,bengle,brambang,kunir,kapipis,banjur kapupukake,dene anggone
mupuki,ing saben dina esuk sore,nganti bayi umur 14 sasi.
4.Yen esuk
pupuke:godhong krema,temu giring,brambang,kapipis,kanggo pupuk.Dene anggone
mupuki ing saben dina esuk sore,nganti bayi umur 14 sasi.
No comments:
Post a Comment