Translate

Wednesday, September 21, 2016

No.76 Tambane sawise nglairake jabang bayi



No.76 Tambane sawise nglairake jabang bayi

1.Ing saben esuk sore,wedhakana beras kencur nganti sapasar lawase.
2.Lan uga wedhakana:temutis,bengle,kunci,lempuyang emprit,godhong poo,kencur,seprantu,godhong lan kulite jeruk purut,kayuangin,sintok,mesoyi,cabe,bawang,brambang,cengkeh,pala,adas pulawaras,jinten ireng,jinten putih,waronsari,mungsi,dlingo,kembang tapen,mrica putih,banjur kapipis binanyonan saprayogane banjur kanggo wedhak.
3.Ngombe jamu kang digawe laos,bawang putih,uyah gorang,kapipis binanyonan banjur kaombe.
4.Ngombe janu parem kang digawe saka:ketumbar,mungsi jawa,adas pulawaras,jinten irang,cengkeh,kemukus,kapulaga,sidawayah,sukmadiluwih,kembang puluh(kembang sumba),widara laut,secang,manis jangan,sitok,mesoyi,kayulegi,kadhawung,pala,kencur,kunir,temugiring,temulawak,asem ireng,kabeh mau diepe,yen wis garing banjur didheplok dadi bubukan,yen arep jejamu njupuka,saperlune binanyonan diuyahi sathithik banjur kaombe.
5.Tapele kembang kenanga,bengle,jongrahab,ketumbar bolong,kapipis banjur ditapelake.
6.Utawa suruh,bengle,ketumbar bolong,jongrahab,kapipis binanyonan sathithik,banjur ditapelake ing padharan.
7.Pilise,yen esuk nganggo godhong turi,jongrahab,ketumbar bolong,brambang,kapipis banjur kapilisake,yen ora bisa kraket binanyonan sathithik.
8.Utawa nganggo pilis singgul,yaiku,:dlinggo,bengle,kunir,jinten ireng,lempuyang,ketumbar,mesoyi,jenggot ajar,isi seprantu,kapipis banjur kapilisake,yen ora kraket binanyonan sathithik.
9.Lan uga wewedhakan:dlingo,bengle,kunir,jinten irang,,lempuyang,kemukus,mesoyi,kayuangin,kayutimur,sere,tegari,ganti,kencur,kemukus,cengkeh,sintok,cendana,banjur kadheplok dadi siji kaulet diglintiri cilik-cilik sarta kaepe nganti sasai lawase,dene panganggone dijeri banyu kanggo wedhakan.
10.Yen wis oleh 40 dina,jejamune yaiku:mungsi,cabe,kemukus,klabet,jinten ireng,kayu jang-jang,kedhawug binaker,kembang pala,podhi sari,murmak daging,sintok,seprantu,getah pelang,pulasari,kayu legi,godhong trawas,jenitri,kembang lawang,kapipis binanyonan banjur kaombe.

No comments:

Post a Comment