Translate

Tuesday, September 13, 2016

No.64 Puput Puser



No.64 Puput Puser

Yen wis puput pusere bolonganing puser dibunteti nganggo mrica 2 yen bayine lanang,dene yen wadon dibunteti nganggo tumbar 2.Mrica utawa tumbar kalebokake ing bolongan puser dipenetake ing tangan nganggo diwur-wuri sukmadiluwih,jambuling kembang nagasari,digoreng sangan banjur kapipis,karikan:munthu,irus,menyan(satithik bae mung kanggo sarat).Coplokane puser dirawati kang permati.Omah awerana maneh lawe wenang mubeng,pinggir lawang omah dokokana godhong nanas dilonthengi enjet lan angus diemper ula welang,lan gogodhongan:widara,apa-apa,awar-awar,girang,ri kemarung,kupat luwar isi sawanan(dlingo,bengle,bawang).Kabeh mau panulaking sarap sawan,panungglane kaya kasebut ing dhuwur.Sarapsawan iku kadedeyane para sdulur:kakang kawah adi ari-ari,kang metu bareng sadina kang metu ing marga ina,kang karawatan,lan ora karawatan,getih puser kalima pancer,welat kunir lan coplokan ari-ari.Mula supaya ora nganggu gawe para sadulure sibayi mau,supaya digawekake dolanan yaiku:payung,gendera,umbul-umbul,kagawe saka kertas,kerisan lan tumbak kang digawe saka pring,kabeh mau ditancepake ing gedebog,lan mengko bengi jam 7 nyumeda mrecon marthandani yen wis puput.Kajaba iku ing sawengi muput kudu dipangku,wayah esuk byar rahina sibayi lagi kena diturokake ing paturone sibayi dekekana gandhik kacorek-corek enjet kaemba wong,nganggo:mata ,irung,cangkem,lan sapanugggalane,digedhong cara bayi,katurokake ing paturone sibayi ana tampah kalemekan godhong senthe.Dene slametane sega janganan,jenang abang,jenang baro-baro,lan jajan pasar.Ing wengi iku sibayi banjur diwenehi jeneng.

No comments:

Post a Comment