No.63 Rencanane bayi lahir
Kang anggoda para dewa,utusane
sanghyang siwa,yen bayi lahir lagi oleh.
Sawengi ,kang ngrencana bathara
kala,rupa asu ajag tekane surup srengenge,tulake lawang-lawang obongana
wlirang,sajroning omah oborana blarak sawengi ping telu,sajene sega punar iwak
ati saundhuhan,kinang,pangilon,kelut,sapu gerang,kendhi,papan damar neng
dhaganing bayi,bapakne ngubengana omah lan muji mangkene: Akala nama siwa.
Rong bengi,kang ngrencana bathara
brama rupa sapi,tekane sirep wong,tulake lawang didodoki godhong nanas
dilonthengi: putih lan ireng,ngobong kulit brambang,jeron omah diobori nganggo
blarak sawengi ping telu,sajene:sega abang lawuhe kuluban,kinang,pengilon,sapu
gerang,papan kendhi,damar neng dhaganing bayi,bapakne ngubnegi omah lan muji
mangkene: Hong brama sia yama swa henu.
Telung bengi,bathara wisnu rupa
celeng,tekane tengah wengi,tulake pipi lawang dekekana ri widara,lan ngobong
godhong tanjung,sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu.Sajene:
sega irang iwak banyu,kinang,menyan madu,kembang boreh,kelut(sapu),papan
pengilon,sapu gerang neng,dhaganing bayi,damar,bapakne ngubengi omah lan muji
mangkene: Oma suyuna manta slano slana.
Patang bengi,bathara guru rupa
manuk perkutut,lan bathara mahadewa rupa wedhus,apa dene bathara yama rupa
sanggira,bathara brama rupa sapi,bathara kuwera rupa tikus,bathara pritanjala
rupa manuk emprit,bathara langsur rupa menjangan,bathara kala rupa asu,bathara
ludra rupa sapi handini,bathara surya rupa ula,bathara candra rupa
kucing.Tutulake omah dikenthengi lawe wenang mubeng,sawengi ora kena
turu,ngundanga sanak karuhe supaya ngrewangi melek.Bayi kudu dipangku
muput,gedheg omah disemburi lingo bengle lan bawang,pujine: Hong,hong ,ywan
ywan,siwah boja bujanaki,tamar wana,maswala,ora kena mateni kutu-kutu walang
ngataga,semut,tinggi,kemut lan sakabehe bae,sanajan gegremetane kang lembut
banget uga ora kena den pateni.
Kang padha ngrencana mau sawengi
kudu dibagekake kaping telu,sambat arane sang kala katung mangkene mantrane:
Sapisan ,ing wektu suruping
srengenge,mantrane: Ahang kona ristikane sediya ayu,sun iya harja,muliha mengko
padha tekamu tan anggegawa ala lungamu uga aja anggegawa ala.
Kapindho ing wektu tengah wengi
mantrane: Ahang,komes mateka ing kene sediya harja,ingsun iki iya harja,mulia
bareng tekamu,tekamu ora anggegawa mulihmu uga aja anggegawa.
Kaping telune,ing byar rahina
mantrane: Ahang kanu raswa rawuh,sediya hayu,sun iya harja,mulia bareng
saiki,tekamu ora anggegawa,mulihmu uga aja anggegawa.
Anggone
mbagekake yaiku anggone mantrani seru kaya dene wong nyentak.
No comments:
Post a Comment