Translate

Friday, September 16, 2016

No.73 Tarapan



No.73 Tarapan

Bocah tarap(wiwitan anggarap sari).sajrone 7 dina bocah mau ora kena metu saka omah,gelungane ditaleni nganggo lawe,supaya aja nganti wudhar sajrone 7 dina,lan ora kena adus,sajrone 7 dina,yen lungguh nganggo lemek jamu galihan dikanthongi,sarta kanthongane dirangkep lawon.Yen wis 7 dina banjur didusi,dene aduse lan ubarampene,apadene,patrap-patrape padha karo yen adus manten utawa tetesan.Sarampunge adus banjur jejamu mamahan,rupane kaya jamu mamahan yen tetesan.Nanging tambah jejamu mamahan kang digodhog,yaiku:pentil dlima putih,temulawak,dikruweki diiseni majakan,jeruk opurut diiseni cengkeh sajodho lan pentil telagantung,pemamahe iya kaya nalika tetes.Dene slametane lan sajene uga padha karo slametan lan sajene yen tetesan.

No comments:

Post a Comment