No. 77 Tamba payudara supaya
deres wetuning banyu susu lan yen kena lelara.
1.Oyod pari,oyod kangkung,adas
pulawaras,keningar,kapipis lembut banjur kawedhakake ing payudara,supaya deres
wetuning banyu susu.
2.Temulawak diparut,godhog
karuk,tawas,ragi,kayulegi,brambang,kapipis banjur kawedhakake ing payudara
supaya deres wetuning bayu susu.
3.Payudara sandhanen,tambanana
godhong kecubung,adas pulawarasa,brambang,kembang abu,kapipis binanyonan cokak
jawa,yen arep kanggo, dienget nganti mangaet-mangaet,banjur diwedhakake ing
payudara.
4.Payudara
mentheng-mentheng abang krasa lara utawa abuh,tambanana pala digodhog,sarta
kuliting dlingo kapipis,banjur ditutul-tutulake kang lara nganggo gombalan.
No comments:
Post a Comment