No.74 Supitan
Bocah
lanang umur 13-15 tahun kudu disupit,sarehning wis umum diwuningani,tatacarane
ora perlu diterangake.Dene slametane lan sajene padha lan slametan tetesan,mung
tambah sajen:sawarnaning gerangan arit,pacul,pangot,marisan,linggis lan
sapadhane,kabeh mau diwadhahi tebok kaya nata ambengan.Dene patrape lan ubarampaning siraman dilemeki lan kosokane
padha lan siraman tetesan kasebut ding dhuwur.Dene yen arep disupiti wayah jam
4 utawa 5 esuk,kudu kumkum dhisik.
No comments:
Post a Comment