No.69 Slametan salapanan
Slametan salapanan,padha lan
sapasaran,mung bae ing dhagan paturone bayi,sajenana bathok bolong dilambari
godhong banjur didedeki katul lan areng jati,banjur ditumpangi godhong,sawise
banjur didedeki tumpang,tumpeng mau ing pucuk ditancepi brambang,lombok abang
lan endhog glundhugan.
Kajaba saka iku,bocah yen wis
umur salapan dina,banjur dicukur.Dene rambut cukuran sapisanan,la kethokan kuku
disawati,sarta ditunggalna dadi siji karo coplokane puser lan taine
kalong.Mulane perlu dirawati,mbokmenawa besuk bocah mau dhemen marang
kadigdayan kanuragan,aji kaya kawijayan,nora tedhas tapak paluning pandhe
sisaning gurendha,coplokane puser lan liya-liyane kang didadeke siji mau supaya
diuntala.
Dene
slametan 2,3,4,5 lan 6 lapan,mung sega janganan,jajan pasar lan jenang
abang,putih,baro-baro.
No comments:
Post a Comment