No.87 Tamba bayi lara sawan[
1.Godhong inggu,gagang
suruh,dlingo,bawang,kabeh pinipis binayonan sathithik,diuyahi sathithik,banjur
kaperes disaring,banyune dicekokake.
2.Godhong legundhi lan brambang
kapipis,binanyonan sathithik,diuyahi sathithik kaperes disaring,banjur
kacekokake.
3.Pucuking dlingo 3 iji kabakar
nganti gosong,lan adas pulawaras kapipis,banjur diwor karo jeruk pecel,kayu
angin,oyod bayem,keh sathithik sapantese bae,banjur diwadhahi ing
kriyuk,dibanyoni 2 mangkok kagodhog banyune dikarekake samangkok,banjur
diombekake sadina ping pindho,nganti 3 dina.
4.Oyod brambang oyod suket
lulangan,adas pulawaras,secang bathok krambil laut,kabeh kapipis binanyonan
sapantese,banyune kacekokake,ampase kaborehake.
5.Godhong
sikil sawit,ganti,mesoyi,jinten,majakan,lempuyang,kabeh dimamah kang
lembut,nuli disemburake kang warata.
No comments:
Post a Comment