No 82 Tamba wanita murih
kinasihan ing priya
1.Kembang dlima putih,yen oleh
kang sungsun luwih becik,empu kunir,jinten ireng,kapipis binanyonan sarta
diuyahi sajimpit banjur kaombe.
2.Gandarukem,isi
jambe,cengkeh,pala,mesoyi,tlutuh sana,endhog,gambir jenitri,kapipis binanyonan
jeruk pecel,banjur kaepe nganti garing kakempelake,dene pandhahare disisir
mbaka sathithik banjur katelen.
3.Kala mangsa lan luwih prayoga
yen bisa saben dina,nginanga nganggo suruh tangis sajodo,suruh temu rose,jambe
wangen,gambir,enjet,cengkeh,kapulaga.Dubang sapisan kudu kaulu sasepahe luwih
becik.
4.Dhahar rujak utawa lotis uga
becik,dene kang dirujak tawa dilotis yaiku: pentil salah,pentil
lo,babal,gedhang klutuk kang nom,empol,cengkir,mlandhingan kang nom durung ana
isine,sanajan ana,nanging kang ijih cilik-cilik banget,bumbune miturut apa
lumrahe,mung bae ora kena pedhes-pedhes,lomboke mung kanggo srana bae.
5.Yen ing
bengi mentas salutut,esuke prayoga jejamu kang ginawe betotan nanas,suket
jarem,godhong adhem-adhemati,godhong gagan-gagan,kunir putih,temu giring,temu
ireng,temu lawak,empu kunir,jeruk pecel,uyah,kencur,dipipis binanyonan
sapantese banjur kaombe.
No comments:
Post a Comment