No.80 Tamba yen nglairake bayi
kasuwen
1.Tampanging jala kang wis
kanggo(timbele),dikum ana ing pinggan,banyune diombekake kang lagi
nglarani,(timbele jala sadurunge dikum,kudu dikumbah resik,mangkono uga banyune
kang kanggo ngekum,iya kudu resik).Banyune kum-kuman tampang jala,sadurunge
diombekake banyu mau diwacakake surat An ngan dhisik,sarta kadamu ping 3 banjur
kaombekake.Dene uine surat An ngam mau,lapele mangkene: Layut rikuhul absaru,wahuwa
yud rikuhul absaro,wahuwa latiful khabir.
2.Utawa
banyu kumbahane tungkak sikile sing lanang(nanging yen ora kena lelara,sarta
kudu diwisuhi kang resik).Banyu kukumbahan tungkak mau winadhahan ing
pinggan,lan diwacakake An ngam dhisik kaya kasebut ing dhuwur,sawuse diwacakake
lan didamu ping 3,uga banjur diombekake.
No comments:
Post a Comment