Translate

Monday, September 26, 2016

No.89 Tamba bayi lara panas



No.89 Tamba bayi lara panas
\
1.Dlingo sapucuk jenthik,bengle sairis,katumbar sajimpit,brambang 1,mesoyi sapucuk sajenthik jinten ireng sajimpit,seprantu sacuwil,jenggot ajar sajenthik,kunir sajenthik,dikumbah resik,dipipis binanyonan cokak jawa sathithik lan lenga putih sawatara sapantese nuli diblonyohake awake sakojur tekan sirah,lan banjur dikrukub.
2.Yen diantarake mangka panase ijih ajeg,nuli tambanana godhong jinten sathithik,brambang 2 iji,banjur karemed diwori cokak jawa,banjur dikompresake ing sirahe,aja leren-leren yen durung sirep panase.
3.sDene jamune:oyod garut 2 wit,adas pulawaras sajimpit,brambang 1,kayulegi sadriji,dikumbah resik,kabeh kadeplok,binanyonan sathithik,kaperes disaring,banjur diombekake watara sasendhok mangan.
4.Godhong dhadhapsrep 5 lembar,upa(sega) watara sapulukan,banjur karemed,binanyonan sawatara,banyune kasaring,banjur kaombekake watara sasendhok mangan.
5.Bonggol puspanyidra rong jempol,adas pulawaras sajimpit,dideplok binanyonan,kaperes disaring diuyahi sathithik,banjur kaombekake watara sasendhok mangan.
6.Yen banjur lara hulu atine,tambanana:kulit dlima putih,godhong poo,kembang pala,kabeh kapipis nuli tapelna ing hulu atine.
7.Godhong lampes,godhong sembukan,gdhong trawas,botor putih,kadhawung,ketumbar,brambang,kej sathithike sapantese bae,beras sajimpit,kabeh dipipis,banjur kanggo tapel.

No comments:

Post a Comment