Translate

Friday, September 16, 2016

No 72. Slametan tetesan



No 72. Slametan tetesan

Yen bocah wadon 8-10 tahun,kudu ditetesi(sunat),slametan lan sajene: jenang abang,putih,baro-baro,tumpeng robyong,tumpeng gundul(tanpa lawuh),gula jawa satangkep,krambil wutuh 1,empluk isi beras,kemiri,kluwak,gedhang ayu,suruh ayu,gambir,jambe sagagange,kembang telon,menyan,lawe,kisi,dilah,kendhi,pitik urip,tindhihe dhuwit rong wang sabenggol.Dene papane kang kanggo netesi,digelari klasa ing tengah klasa pasir utawa babut,didedeki godhong:apa-apa,kluwih,kara,dhadhap srep,alang-alang,ditumpangi klasa bangka cilik,banjur dilemeki:letrek,jinggo,banguntulak,sindur,sembagi,selendang lurik puluh-watu,yuyusekandhang lan lawon.Bocah kang ditetesi kapangku ing sanak sadulur kang wis seph lan katon mulya uripe,perlu disuwuni sawab berkah supaya katularan mukti,mripati bocah mau ditutupi saka buri banjur dhukun metet(netes),dene pathetane ,kunir lan kapuke kecemplungake ing cuwo isi kembang setaman,banjur kalabug ing bengawan.Sawise ditetesi bocah mau banjur kon mamah jamu mamahan,wujude yaiku:beras kencur,kunir asem,tumbar,trawas,lan kayulegi,kabeh mau mentahan.Jamu kasebut ing dhuwur mau,pamamahe genti-genti,banyune kahulu,ampase dilepeh,la banjur nguntal endhog pitik mentah.Sawise bocah mau banjur disirami lungguh dhingklik dilemeki kaya nalika ditetesi,yaiku lemek:klasa,lan gogodhongan:apa-apa,kluwih,kara,dhadhap srep,alang-alang,lan bangsa sembet,yaiku:letrek,jingga,banguntulak,sindur,sembagi,selendang lurik puluhwatu,yuyusekandhang lan lawon.Dene kang kanggo kosokan uga padha karo yen siraman tingkeban kasebut ing dhuwur.Sarampunging adus bocah mau banjur didandani nganggo-anggo sarwa becik,kalungguhake ana sangareping patanen(senthong tengah).

No comments:

Post a Comment