Translate

Friday, September 16, 2016

No.70 Slametan mudhun lemah



No.70 Slametan mudhun lemah

Yen wis umur 7 lapan,banjur mudhu lemah,slametane sega janganan lan liya-liyane kaya kasebut ing dhuwur iku,sarta juwadah lan tetel warna pitu(abang,putih,ireng,kuning,biru,jambon,wungu) banyu kembang setaman,pari,kapas,andha tebu arjuna,bokor isi beras kuning,kembang lan sawaraning dhuwit: igaran,se, kethip,talen,rupiyah,ringgit lan rajabrana:gelang,kalung,ali-ali,lan sapanunggalane,sarta disedhiyani kurungan.Bocah ditetah di idak-idakake jadah tetel,banjur diunggahake andha tebu,yen wis banjur dikurungi,bokor isi rupa-rupa mau,lan pari kapas,dicedhakake supaya bocah bisa dolanan njupuk sakarepe,ing kono banjur undhik-udhik(beras kuning lan dhuwit disawurake,banjur kanggo rebutan sing padha nonton).Sawise ,bocah banjur didusi  banyu kembang setaman.Sarampunge banjur dienggon-enggoni,sandhangan,lan nganggo gelang,kalung,sapapadhane banjur kalungguhake ana ngomah ing gelaran pasir,bokor isi: beras kuning,dhuwit,rajabrana dicedhakake maneh,banjur dikur,kur,kur,(nguwur-nguwurake kuning kang diwori dhuwit lan rajabrana),bocah mau dicedhakake supaya njupuk.

No comments:

Post a Comment