Translate

Friday, September 16, 2016

No.71 Nyapih



No.71 Nyapih

Bocah yen umur 18 wulan utawa tumekane 2 tahun banjur disapih,dene isarate:bocah mau digawa ing sangisoring wit gedhang,ing kono didedeki pangaron isi kembang setaman,sarta pangarone dileleti tape ketan.Saka sangisoring wit gedhang,bocah mau diemban digawa mubeng-ngubengi omah ping telu,banjur sirahe dijegluake wit gedhang ping telu(kanggo sarat,mug lirih bae) banjur didongani mangkene:sang wewe putih,kowe dak opahi tape sapangaron,nanging janji bisa nyapih sijabang bayi,aja nganti nangis.Bocah mau banjur didusi kembang setaman kang ana sangisore wit gedhang mau.
Kajaba iku sadurunge bocah mau kudu dicekoki:kunir,tumbar,trawas,dipipis binanyonan,dene ampase diwuwuhi enjet banjur kanggo tapel.Sarta omben-ombene:kleyang godhong dhadhap lan babakane,kagodhog,banyune sapantese,iku kanggo omben-omben.Sarta dipupuki:godhong dhadhap srep,upa lan uyah sajj=impit dipipis lembut.

No comments:

Post a Comment