No.67 Yen bayi sumeng
Yen bayi sumeng rama ibune padha
ndilatana mbunbunane,epek-epeke karo pisan,lan dimakane uga karo pisan,anggone
ndilati wiwit saka kiwa.Dene yen rewel kerep nangis,banjur ngidunga kaya ing
ngisor iki:
KINANTHI
1.Yen nangis lare
puniku,lela-lelalen anuli,supaya doh kang lalara,sarap sawane alari,tan wani
anyedhakana,saking rohkmate Hyang widi.
2.Winaca puji iku,setan lumayu
nggendring,sarap sawane anyimpang,panca baya pan sumingkir,kala-kalane
akesah,datan wani amarani.
3.Pitik tulak pitik
tukung,tetulake jabang bayi,situlak tunggu neng marga,situkung mangungkung
ngarsi,cacing recek samya ilang,kruma kremi padha mati.
4.Ana kinjeng tangis
mabur,amencok neng sela hardi,mireng tangise ki jabang,arsa njuwuk
anjampeni,jabang bayi wis menenga,wes menenga,wis turua aywa nangis.
5.Sapa manglong-manglong iku apa
sira maling sekti,ing lor kidul kulon wetan,den kongkon aguna maling,amburu si
asu ajag,dipoma den konsi mati.
6.Maling aguna sireku,kalawan
sibajing kikik,miwah si aji palampang,reksanen sijabang bayi mburu jinadha
jantala,lawan sigumarang sapi.
7.Miwah siceleng
demalung,tundhungen dimen angalih,yen wus nora katinggalan,sira balia den
aglis,reksanen ingkang santosa,anakingsun jabang bayi.
8.Sawengi
ajana turu,dimen adoh kang bilahi,sumingkir ingkang lalara,tan ana wanil nyedhaki,mulia
aywa nggegawa,sijabang amales becik.
No comments:
Post a Comment