No.85 Tamba byi lara gabag lan
cacar banyu
1.Yen lara gabag:babal,digodhog
plencing(godhog so),lan adas pulawaras,kabeh kapipis binanyonan sathithik
banjur diwedhakake ing badan sakojur tumeka sikil.
2.Yen lara cacar
banyu:kemladheyan kelor lan adas pulawaras,kapipis kabanyonan sathithik banjur
kawadhahake ing badan sakojur tumeka sirah.
3.Lara gabag lan cacar banyu mau
tamba kang diombe yaiku:madu lan banyune degan ijo,sawise kaudhak banjur
kaombekake kira-kira kehe sacangkir.
4.Dene
paduhane lara gabag lan lara cacar banyu mau yaiku:tela gantung kang ijih nom(kates,uga
ana kang ngarani gandhul) ing dhuwur sangisore gagang dikethok perlu kanggo
bolongan anggone mbuwang isine,sawise isine dibuwang nganti resik,banjur
diiseni:gabah,otek,jagung,botor,ketan ireng,kacang
ijo,bata,edhi,beling,krikil,gereh pethek,kethokan kates mau banjur ditangkepake
maneh kang kenceng,perlu kanggo nutupi bolongan mau,supaya kabeh kang wis
diisekake aja nganti padha metu(wutah),kates mau banjur kabenem nganti mateng
banget.Yen wis mateng banget kajupuk sarta banjur kabuwang ing kali,dene yen
adoh kali,buwangen ing sumur bae sadurunge dibuwang kudu muni mangkene: heh
sigabag sicacar banyu,sira aja pati-pati thukul,yen paduhan kang sun buwang
kakelekake ing kali,(kang kacemplungake ing sumur) durung thukul.Sawise ngucap
mangkono banjur kabuwang kakelekake ing kali utawa sumur.
No comments:
Post a Comment