No.75 Tetambane wanita
anggarbini(meteng)
1.Yen anggarbini sasi tumeka 3
sasi,jejamune:dlingo,bengle,kunir,temulawak,sintok,mesoyi,cabe,bawang
putih,kemukus,seprantu,lempuyang,godhong cukilan,kembang worawari bang,banjur
kapipis,binanyonan,sapantese,kaombe.
2.Yen anggarbini 3 sasi tumeka 7
sasi,jejamua wejah,yaiku:godhong sinom,pupus dhadhap srep,pupus jambu
kluthuk,pupus jambu dersana,bethonan
nanas,godhong:meniran,sembukan,krema,temugiring,temu
ireng,lempuyang,kunir,sawanan,keh sathitike sapantese,banjur kadeplok
binanyoman sawatara,kasaring,banjur kaombe,yen arep kaombe kecerna jeruk pecel
sathithik.jejamu mangkono iku ing saben dina ssenen,kemis.
3.Yen anggarbini luwih 7 sasi
tumeka 8 sasi,ing saben dina senen,kemis,jejamua omben-omben kang ginawe
saka:kayu legi sadriji didhedhegi,krikan secang pengaji saprapat dhuwit,banjur
dikum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwenen,banjur kaombe.Dene ing saben
dina rebo lan sabtu,jejamu omben-omben kang ginawe saka: cabe 3 iji,lempuyang 2
rampang(grigih),kadeplok binanyonan sapantese,diuyahi sajimpit kan dikeceri
jeruk pecel sathithik,kaudhak banjur kaombe.
4.Yen anggarbini ngancik 9
sasi,ing dalem seminggu sapisan jejamua sorog,yaiku:ketumbar sajimpit,godhong
trawas ron glembar,seprantu siji,binuwang isine,jinten ireng
sajimpit,jongrahab,ajar lan mesoyi sathithik,thothok mimi sacuwil,kulit urang
kabakar sathithik,banjur kapipis,diuyahi lan binanyonan
sapantese,kasaring,banjur kaombe.
5.Yen wis anggarbini ngancik 9
sasi,kajaba kasebut ing dhuwur,uga prayoga jejamua komplang,yaiku:temulawak
saendhas jago diparut,banjur diperes diwoei lenga klentik ½ sendok teh,banjur
diombe.Pangombene ana ing tengah lawang,sarta jamu mau pangombene diwadhahi
godhong lumbu.
6.Lan uga yen anggarbini ngancik
9 sasi,uga luwih becik yen jejamua:cabe lempuyang dicampuri lenga klenthik kang
isih anyar ½ sendok teh banjur kaombe.
Kajaba saka iku,longkane dina
kanggo jejamu kang kasebut ing dhuwur mau,wiwit anggarbini nom tumeka
tuwa,luwih prayoga yen uga jejamu kaya ing ngisor iki:
a.Kang karep ngombe cabe
lempuyang,mung nganggo diuyahi sathithik.
b.Ngombe banyune godhoongan
kacang ijo,ampase kadhadhar ug aluwih prayoga.
c.Dene kang dienggo
boreh,yaiku:gagang suruh,didhedhegi dhisik lan kacang ijo digodhog,dicampuri
lenga wangi banjur kaborehake ing padharan.
d.Yen
anggarbini ora bisa mbebuwang kang samesthine,padharane tapelana:godhong
semangka,godhog jarak ijo,godhog gandarasa,brambang,adas pulawaras,temu
putih,dlinggo bengle,lempuyang,banjur kapipis nuli ditapelake ing padharan lan
sakiwa tengene.
No comments:
Post a Comment