No.24 Petung salaki rabi
Wetone panganten lanang wadon,neptune dina lan pasaran
kagunggung,diwuwuhi neptune sasi,taun lan tanggale,gunggunge kabage 9 turah
pira.Yen turah :1,4,7,tiba wali,ala.Turah 2,5,8 tiba panghulu sedheng.Turah
3,6,9 tiba panganten,iku becik.
Pangetunge mangkene:upama wetone:
Panganten lanang dina rebo neptu 7
Pasaran kliwon neptu 8
Sasi suro “ 7
Tanggal ..... “ 20
Taun alip “ 1
Panganten wadon dina jumuah neptu 6
Pasaran pon “ 7
Sasi sapar “ 2
Tanggal ...... “ 14
Taun wawu “ 6
______________
Gunggung 78
78 kabage 9 = turah 6,tiba panganten becik
No comments:
Post a Comment