No.92 Petung bab
pakaryan(panupajiwa) maneh,kang cocog lan dhasare wateking bocah,murih nemu
kabegjan miturut dina lan pasarane nalika lahir
Pangetunge mangkene: wetone dina
lan pasaran kabanjurake tekan pendhak dina kaping 3,saka dina lahire bocah
mau,yaiku mangkene:gunggunge neptu dina lan pasaran kagunggung,kabage 5,turah
pira,yen turah 1,wiji wetan ,turah 2,wijih kidul,turah 3 wijih kulon,turah 4
wijih lor,turah 5(ceples utawa entek) wiji tengah,terange mangkene:
Saupama bocah lahire dina Jumuah
Pon,
Jumuah Pon,neptune 6+7=
Pendhak dina kapindho saka dina jumuah pon dina
Jumuah kliwon,yaiku neptune 6+8=
Pendhak dina kaping telu saka dina jumuah pon,tiba
dina
Jumuah pahing,yaiku neptu 6+9 =
|
13
14
15
|
Gunggung neptu dina lan pasaran
|
42
|
Neptu 42,banjur kabage 5 turah 2,yaiku wiji kidul
Upama maneh:saupama bocah lahire dina ngahad legi
Ngahad legi neptune 5+5=
Pendhak dina kapindho,tiba dina akad pon,neptu
5+7=
Pendhak dina kaping telu,tiba dina akad
kliwon,neptu
5+8=
|
10
12
13
|
Gungung neptu dina lan pasaran
Neptu 35 kabage 5 turah 5,(ceples utawa
entek),yaiku wiji tengah
|
35
|
Mangkono sabanjure.
Dene watake wiji siji-sijine kaya
ing ngisor iki:
Yen turah 1,wiji wetan,wijining
kapriyayen,watek:1.sinome ingkang rinengga,wiji wetan kang darbeni hyang
bathara endra lan putra dyah tara dewi,kuthanya kencanadi,kendraning samodra
madu,peksinya atat kembang;ingon-ingoning narpati,kajengira nagapuspa rum kang
sekar.2.Sembada warnanya endah,isen-isen tamansar,jalu tanapi wanita,yen wiji
wetan kang jalmi,kabegjanira saking,suwita jalaranipun,wetuning sandhang
pangan,saking pasihing gusti,kathat kedhik samurwate juga-juga.
Yen turah 2,wiji kidul,wijining
sudagar,wateke:1.wiji kidul ginupta,dewanira kang darbeni,nenggih hyang bathara
brama,lan atmaja dyah bremani,kithanira tembagi,kinubeng segara marus,manuke
rang-urangan,telaten ngupaya bukti,datan wigih angusir mineng jro toya.2.Kayune
ingas wataknya,sumuk lamun den aubi,wong wiji kidul sanadyan,lanang wadon kang
jalmi,kabegjanira saking,amedagang cari untung,yeku kang dadya
kasab,panggayuhing sandhang bukti,ing samurwat-murwat wijiling kabegjan.
Yen turah 3,wiji kulon,wijining
kapandhitan,watake:1.Kang wiji kilen kinandha,kithanya slaka respati,kaendran
jaladri pohan,ewanira kang darbeni,hyang mahadewa pekik,lan mahadewi sang
ningrum peksine kuntul tansah,sabeng patirtan kang sepi,anarima met boga
isining tirta.2.Kajenge wijayamulya.awingit sekarnya luwih,tuhu dadya srananing
rat,yen wiji kulon kang jalmi,jaler estriya dadi,tetumal pamuwusipun,prasasat
toya marta,amartani ing sesami,kabegjane mijil saking pamicara.
Yen turah 4,wiji lor,wijining
patanen,watake:1.mangkaya wiji ler winarna,kithanira purasani,kinubeng sagara
nila,dewanira kang ngrenggani bathara wisnuwarti,lan garwa dyah sri
rum-arum,kayune asem dahat,silir ayem den aubi,oeksinira gagak waskiteng
sasmita,2.Nora linyok ing wicara,lan malih awet nom yekti,lamun wiji ler
punika,jali tanapi pawestri,kayane ulah bumi,gaga sawah anenandur,pala pendhem
kasimpar,saklire kang pala dadi,iku ingkang dadi marganing kabegjan.
Yen
turah 5,wiji tengah,wijining paugeran,watake:1.wiji tengah cinarita,kithanya
sinilih asih,mas suwasa sinasotya,pratistha kendraning tasik,tirtanya manca
warni,dewanira kang amengku,pamugarining dewa,nenggih hyang guru pramesthi,saha
garwa parab hyang pramaiswara.2.Peksine ewata mulya,aluhur sabeng
wiyati,wreksaya gurdha kamatyan,ayom pangauban jalmi,priya miwah pawestri,yen
wiji tengah saestu,linulutan ing jalma,akathah begjane luwih,nora pilih ing
samubarang pakaryan.
No comments:
Post a Comment