Translate

Saturday, August 20, 2016

No. 54 Slametan sepasaran.



No. 54 Slametan sepasaran.

Slametan sepasaran iku karo aweh jeneng tuwa marang panganten dene slametane yaiku:sega tumpeng janganan,jenang abang putih,baro-baro,tukon pasar,kembang telon,(mlathi,kenongo,kanthil),apadene sega punar salawuhe,lan sega golong 9 jodho salawuhe.
Dene slametan selapan dina pada bae karo slametan sepasaran.

No.53 Temuning panganten.



No.53 Temuning panganten.

1.Jaka oleh prawan,kasebut tigas
Bareng wus ndungkap patemoning panganten kang wus tinamtokake panganten lanang saka pamondhokan dikanthi kiwa tengen dening priyayi sepuh loro,lumaku ngumbar kanca dipayungi.Panganten nyekel gantal kanggo balangan,(gantal iku suruh kaisenan jambe digulung katalenan lawe wenang).Bareng lakune tekan sangareping pandhapa,banjur leren,ngenteni adeging panganten wadon.
Satekane panganten lanang,panganten banjur ngadeg dikanthi kiwa tengen ing priyayi sepuh loro.Panganten banjur padha lumaku maju,tekan sangareping lawang banjur padha balangan gantal,banjur katemu ana ngarep lawang.Kuluking panganten lanang dibukak marang priyayi sepuh lanang banjur dipupuki banyu embun-embune rambah kaping telu dening priyayi sepuh wadon.
Panganten wadon banjur andhodhok ana sangareping panganten lanang mecah endhog,sarta mijiki sikile panganten lanang,sarana nyawuki banyu sekar setaman(banyu didedeki kembang mawar,kenanga lan liya-liyane),kang wus cemepak ana kono.Panganten wadon banjur ngadeg ana sakiwane panganten lanang kanthen tangan bebarengan lumaku,banjur ngenciki pasangan rakitan sapi kang wus disedhiyakake.Tekan ngarep kobongan ndhodhok banjur laku bokong,lan banjur padha lungguh jejer ana sangareping kobongan.Lungguhe dilemeki lukarane jarike panganten lanang wadon nalika dipaesi,(didandani),jarik lukaran mau diworake dadi siji,dilarabi lawon putih lan disebari kembang panganten lanang wadon banjur dhahar sega kalimah(walimah) lawuh pindhang antep(iwak ati).Mangane panganten wadon,segane dikepelake panganten lanang.
Sawise banjur kacar kucur,tegese panganten wadon nampani guna kaya.Patrape panganten lanang munggah ing kobongan,banjur ngesokake kaya marang panganten wadon.Lugguhe ana ing klasa bangka kang wus disedhiyakake isine kacar-kucur,kacang,dhele,beras,jagung,apadene sawarnaning dhuwit igaran,sen,benggol,kethip,talen,tengahan lan sapanunggalane,katampan ana ing pangkone panganten wadon nganggo kau,ora kena kecer,para sepuh kang ngamping-ampingi pada muni: kacar kucur atuta kaya sadulur,kacang kawak,kadhele kawak,atuta kaya sasanak.Isine kacar kucur kang ana ing kacu mau banjur ditampani embokne panganten wadon,banjur kelebokake ing klemuk.Dene klemuk iku sarakit,kang siji isi beras kuning,kluwak,kemiri gepak jendhul,bendha,edhog ayam lan dhuwit,kaeworake ing kono kanggo slametan sapasaraning panganten.Dene sijine banyu tempuran(banyu saka tempuking kali loro).
Panganten wadon banjur ujung marang panganten lanang,sawise panganten lanang wadon banjur dipangku ing pupu kiwa tengen marang bapake bapake panganten wadon,biyunge panganten wadon pitakon marang bojone,tembunge: abbot endi bapake,anakmu lanang karo anakmu wadon,wangsulane:padha bae.Panganten lanang wadon banjur mudun saka pangkon,lan banjur ngabekti marang bapa biyunge sarta marang para speuh kakung putri.Apa kang kasebut ing ndhuwur ku yen jaka oleh prawan,kang kasebut tigas.
2.Panganten katemu sadulur misan(nunggal buyut) tuwa wadon,carane uga padha bae,mung bae ana isarate maneh,panganten lanang macul tumpeng lan mancik pipisan,sarta panganten lanang wadon lakune nrajag lawe wenang.
3.Mantu anak mbarep,carane padha bae kaya kasebut ing bab 1,mung bae tambah rujak degan kang legi,diladekake panganten lanang wadon lan bapakne panganten wadon.Biyunge panganten wadon banjur pitakon:apa rujake ijih ana kukurangane? .Panganten lanang wadon lan bapake panganten wadon,mangsuli:yen rasane enak ora ana kakurangane.
4.Mantu anak wuragil(tumpuk ponjen) carane padha bae kaya kasebut ing bab 1,mung tambah isining ponjen(wadhah jamu) diiseni sawarnaning dhuwit sapepake,sawarnaning jamu sapepake.awarnaning dhuwit banjur disokake ana sangareping panganten,banjur kanggo rebutan sadulure panganten utawa kang lenggah ing sacedhake,nanging dhuwite sakwise dijupuk banjur dibalekake ing ponjen maneh.
5.jaka oleh lanjar(durung duwe anak),carane padha bae kaya kasebut ing bab 1,mung bae disranani,panganten wadon,nyiram tumpeng ing tengahing lawang.
6.Prawan oleh dudha(durung duwe anak),carane uga padha bae kaya kasebut ing bab 1,mung bae disranani,panganten wadon,nyiram tumpeng ing tengahing lawang.

No.52 Paes panganten wadon



No.52 Paes panganten wadon

Kurang sawengi wis dialub-alubi(dikerik,cengkoronge paesan).Esuke katerusake maneh,paes iku bathuke dipidih,(pidih ,kang ginawe saka malam putih lan godhong dhandhanggula),kaistha jamangan,cacahe 5,kang tengah gedhe,kiwa tengene cilik,banjur cilik maneh,banjur kasambungan godhege.Pungkasaning paes karenggo ing centhung,mula diarani centhung,sabab wangune nylakenthung ngadeg,cacahe loro kiwa tengen,pangetrape mayat,tengah lowong.Pupure kuning ditrapi prada kaistha laler mencok ana ing tengah-tengah paesan,alis kaistha kaya sungune menjangan ranggah.Gelung bokor mengkurep,kaisenan rajangan pandhan wangi,nganggo koncer kembang mlathi,rinonce,keseselan rajangan pandhan wangi,dawane 2 kilan,gedhene satekem,pasange ana ing tengah.Sandhuwure gelungan nganggo cundhuk jungkat lan menthul,mentul iku cacahe 5 utawa 7,ing tengah dhuwur,banjur endhek-endhek.Suwenge ronyok barlean,samping wangun bunder,kang digawe godhong kates diprada,gelang,kelatbau,kalung sungsun.Kampuhane niru para putri,tapih cindhe seredan,kaya nyampinge garwa dalem utawa putri dalem yen pinuju grebeg,udet cindhe kembang,nganggo bunthal,ana sangisore sanggapocong,.Kang diarani sanggapocong iku kampuh kang digulung tiba mburi ing sandhuwure pocong.Dene pucuking buntal diklewerake ana ngarep kiwa tengen,kacu kembangan.

No.51 Paes panganten lanang



No.51 Paes panganten lanang

Panganten lanang dandan kerik,lungguhe dilemeki kaya lemek nalika adus,mangkono uga sajene.
Manganggo kampuh ukup rendha,clana cinde gubeg,kuluk matak biru,nyamat cengkeh,gelung keling nganggo jungkat inten lan mentul,nganggo gombyok dhuwung sarta nganggo buntal,kacu kembangan,tanpa klambi,borehan ngumbar kanca,gelang,kelat-bau,kalung sumsum lan sumping.

Friday, August 12, 2016

No.50 Panganten lanang arep ijab(ningkah)



No.50 Panganten lanang arep ijab(ningkah)

Panganten lanang yen arep ijab,panganggone kulukan lan kampuhan,utawa bebedan lan iket-iketan,mung bae ora kena menganggo kang bangsane mas-masan,uga ora kena nganggo jarik utawa iket kang bathikane nganggo manuk,kupu lan liya-liyaneng(bathikan kang nganggo corak kewan urip).Keris pendhoke swasa,perak utawa liya-liyane uger dudu mas,lan uga panganten durung kena kerik.
Ngarepake sa’ating ijab,panganten budhal saka pamondhokan,kinanthi para sepuh,ginarubyung para kulawarga,terus lumebu ing pandhapa kang wus ginelaran prang wadani(babud) lenggah dhepokan.Panganten lungguhe ing tengh madep mengulon,anglungguhi klasa bangka kang ginelar mujur mengulon tumumpang ing prangwadani,semu ngadepake penghulu.Kasambungan akrabing panganten lan tamu liyane.Wali ing lor mandhep ngidul ngulon,semu ngadepake penghulu.Punggawa penghulu kang nekseni ing kidul madhep ngalor ngetan,semu ngadepake panganten,Kasambungan akrabing panganten lan liya-liyane angubengi lungguhing panganten.Sawise samekto lan wus tumeko sa’ate,banjur kaijabake sarana mas kawon slaka putih bobot setail,kang  banjur kaliru dhuwit rong semat(ringgit perak 2).
Salebaring ijab,panganten ngabekti marang para sepuh kang pantes dingakbekteni.Sawise banjur mundur ing pamondhokan maneh,dandan arep katemu,(temuning panganten).
Ora suwe banjur angetokake slametan mumule luluhur,rupa sega asah(ambengan),iwak goreangan kebo siji(iwak kebo sapepake: utek,mat,sewarnaning jeroan,luhur,sampil lan liya-liyane),pindhang abang,pindhang putih.

No.49 Sanggan panganten



No.49 Sanggan panganten

Yen panganten lanang arep katemu kudu anggawa sanggan(tebusan),digawa bareng karo lakune panganten.Dene rupane:gedhang ayu,yaiku gedhangaja satangkep kang tuwa,sarta ulerane milih kang  jangkep,suruh ayu,kembang telon,kisi,kapuk kapas,pari mung sawatra,lawe wenang satukel,pangilon,jungkat,suri,menyan ¼ kati,lengan sundhul langit sacupu,asem,kunir 2 grigih,cikal 2 iji,tindhih dhuwit rong wang telung nduwit(19 ¼ sen).Kabeh mau dipasrahake biyunge panganten wadon.