Translate

Monday, September 26, 2016

No.88 Tamba bayi kembung



No.88 Tamba bayi kembung
\
1.Adas sajimpit,brambang siji,kedhawung sajodho dibakar mateng kabeh kapipis,banjur kanggo tapel ing wetenge.
2.Godhong inggu satekem lan brambang,kapipis,diwori lengo putih,kanggo tapel ing wetenge.
3.Yen bocah grayangane panas,banjur tapelana godhong dhadhapsrep kang ijih semuruh,pinusus,banjur ditapelake.
4.Oyod lembong 1 wit,adas pulawaras sajimpit,brambang 1,kayulegi sajenthik,kapipis binanyonan diuyhai sathithik banyune kacekokake.
5.Bocah kembung prayoga aja didusi,sarta sikile kiwa tengen,dlmakan,tangan kiwa tengen,epek-epek padha digosok brambang karo lenga klethik.

No.87 Tamba bayi lara sawan[



No.87 Tamba bayi lara sawan[

1.Godhong inggu,gagang suruh,dlingo,bawang,kabeh pinipis binayonan sathithik,diuyahi sathithik,banjur kaperes disaring,banyune dicekokake.
2.Godhong legundhi lan brambang kapipis,binanyonan sathithik,diuyahi sathithik kaperes disaring,banjur kacekokake.
3.Pucuking dlingo 3 iji kabakar nganti gosong,lan adas pulawaras kapipis,banjur diwor karo jeruk pecel,kayu angin,oyod bayem,keh sathithik sapantese bae,banjur diwadhahi ing kriyuk,dibanyoni 2 mangkok kagodhog banyune dikarekake samangkok,banjur diombekake sadina ping pindho,nganti 3 dina.
4.Oyod brambang oyod suket lulangan,adas pulawaras,secang bathok krambil laut,kabeh kapipis binanyonan sapantese,banyune kacekokake,ampase kaborehake.
5.Godhong sikil sawit,ganti,mesoyi,jinten,majakan,lempuyang,kabeh dimamah kang lembut,nuli disemburake kang warata.

Wednesday, September 21, 2016

No.86 Tamba bayi ,bocah ,utawa wong tuwa,lara cacar wata(cangkrangen)



No.86 Tamba bayi ,bocah ,utawa wong tuwa,lara cacar wata(cangkrangen)

1.Jinten ireng,mesoyi,dlingo,bengle,angkup jambe kang nom 1,brambang 1,suruh kang temureose 3 lembar,kabeh kapipis binanyonan sathithik,kasaring banjur kaombekake.
2.Yen wis mlenthung,brambang lan kunci kamamah banjur kasemburake ing mripat saben esuk sore,nanging mamahan mau aja nganti ngenani(nyiprat) mripat,dadi mung kajupuk hawane bae bisane tumandhuk.Dene yen arep nyemburake kudu ngunekake montra dhisik mangkene:Bismillah hirokhmanirokhim,kanjul ngaras,kanjul ngalam,Bagus Karang aja perak-perak marang aku,pan aku anak putune Sayid pangeran.Bujang Galiman aja uruk sudi gawe marang aku,pan aku anak putune Bagus Karang.Loncang-lancing Nyai Rara Kidul aweh gabag cacar plenthing 10,9,8,7,6,5,4,3,2,1.Siji bae trima,trima saking kersaning Allah.

No.85 Tamba byi lara gabag lan cacar banyu



No.85 Tamba byi lara gabag lan cacar banyu

1.Yen lara gabag:babal,digodhog plencing(godhog so),lan adas pulawaras,kabeh kapipis binanyonan sathithik banjur diwedhakake ing badan sakojur tumeka sikil.
2.Yen lara cacar banyu:kemladheyan kelor lan adas pulawaras,kapipis kabanyonan sathithik banjur kawadhahake ing badan sakojur tumeka sirah.
3.Lara gabag lan cacar banyu mau tamba kang diombe yaiku:madu lan banyune degan ijo,sawise kaudhak banjur kaombekake kira-kira kehe sacangkir.
4.Dene paduhane lara gabag lan lara cacar banyu mau yaiku:tela gantung kang ijih nom(kates,uga ana kang ngarani gandhul) ing dhuwur sangisore gagang dikethok perlu kanggo bolongan anggone mbuwang isine,sawise isine dibuwang nganti resik,banjur diiseni:gabah,otek,jagung,botor,ketan ireng,kacang ijo,bata,edhi,beling,krikil,gereh pethek,kethokan kates mau banjur ditangkepake maneh kang kenceng,perlu kanggo nutupi bolongan mau,supaya kabeh kang wis diisekake aja nganti padha metu(wutah),kates mau banjur kabenem nganti mateng banget.Yen wis mateng banget kajupuk sarta banjur kabuwang ing kali,dene yen adoh kali,buwangen ing sumur bae sadurunge dibuwang kudu muni mangkene: heh sigabag sicacar banyu,sira aja pati-pati thukul,yen paduhan kang sun buwang kakelekake ing kali,(kang kacemplungake ing sumur) durung thukul.Sawise ngucap mangkono banjur kabuwang kakelekake ing kali utawa sumur.

No.84 Tamba anggarapsari



No.84 Tamba anggarapsari

Yen anggarapsari krasa lara,lan ora temtu wektune,tetambane:temu lawak 7 iris,kunir 3 jenthik,asem kawak sapantese,lan gula jawa,banjur kagodhog dibanyoni 2 gelas,kakarekake sagelas,banjur diombe.Dene sasuwene anggarapsari uga ngombe tamba iku.

No.83 Tamba kepengin duwe anak



No.83 Tamba kepengin duwe anak

1.Yen kabener dina Anggarakasih(Selasa Kliwon),utawa Jumuah Kliwon goleka kemangga kang ngendhog,weteng lan endhoge jupuke banjur katelen nganggo gedhang mas.Nanging ing sadurunge kudu tetamba dhisik rupa:temu ireng gedhene saendhas pitik,kapipis binanyonan sawatara,diuyahi sajimpit,banjur kaombe,pangombene saben dina rebo lan sabtu pangombene mau sarampunge adus wuwung(adus wuwung dhidik).
2.Pala satugel,kayu timur,asem,kabeh kabakar,banjur kadeplok,kanggo tapel ing padharan,sapangisor,anggone napelake nganggo kapuk.
3.Legoning pakel,bonggol nampu,kausapake ing puruse priya kapipis banjur kadhahar ing wanita.
4.Bengle,bawang putih,jongrahab,manisjangan,kencur,suruh,banjur kapipis binanyonan sathithik banjur kaombe.
5.Cabe,lempuyang,jae,kapipis binanyonan sathithik banjur kaombe,ampase diwedhakake ing padharan lan sikil karo.